Oleh Ika Zardy Saliha
Apa aku luput
nalika anetesake panasing malam
aneng lembaring mori putih, panguripanmu
kang tan bisa cinacat
banjur anglowong gegambaran endah
anecek angiseni kekarepan
rasa, kang biyen wurung kasungging lan kajaplak
Apa aku luput
nalika anyolet werna wernaning pangimpen
banjur amopok anembok lelakon cabar
kang wingi-wingi tan kababar
lan, dak kelir sakabehe
kanthi warna amung sajuga
werna pepuntoning pepinginan
sadurunge kabeh kalorot
ambuka maewu gebyaring warna anyar
kang bakal binabar mangambar
Apa aku luput
yen kanyatan aneng lembaring panguripan
tan bakal ana kang putih salawase
lan aku, wis ambathik pangimpenku
Kapang, 6 April 2021