Home Puisi dan Lagu Antarane Surup lan Urip Kudu Urup

Antarane Surup lan Urip Kudu Urup

0
Antarane Surup lan Urip Kudu Urup
Poncojari Wahyono/Facebook

Dr. Poncojari Wahyono, M.Kes.
Seniman dan Dosen Universitas Muhammadiyah Malang

Surup iku gambarane urip,
Yoiku umur wolung puluhan.
Urup kudu ditindakne naliko urip,
Yoiku tansaho gawe kebecik-an.

Surup iku wiwitane wayah ratri,
Mulo agyo nentrem-ake ati.
Urip iku kadyo nyabrang kali,
Mulo kudu permati lan ngati ati.

Surup surup adem krono udan,
Perlu sarung kanggo kemulan.
Urip iku kadyo nyabrang dalan,
Perlu tansah kebak kaprayitnan.

Surup iku wayah angslupe suryo,
Mulo agyo nglerem-ake rogo.
Urip iku kadyo nyabrang segoro,
Mulo kudu waspodo supoyo raharjo

Surup iku lawange wayah wengi,
Kudu agyo ngwening-ake ati.
Urip iku mung kadyo keluk-ing geni,
Kudu migunani amargo ora suwi.

Surup wayah angslupe srengenge,
Mulo agyo pikiran di-lerem-ake.
Urip mung kadyo mampir ngombe,
Supoyo mulyo tansah eling GUSTINE.

Gusti Allah Dawuh:
“Saben manungso iku duwe winates waktu, mulo yen wis tekan titi wanci ora iso di undur nadyan mung sedelo lan ora iso ugo di ajokake. “(QS Al-A’raaf [7] : 34);

Rasul SAW ngendiko:
“Pigunak-no limang perkoro sak-durunge teko limang perkoro liyane, urip sak durunge mati-mu, waras sak durunge lara-mu, longgar sak durunge repot-mu, enom sak durunge tuwo-mu dan sugih sak-durunge mlarat-mu. “(HR Hakim).

Mugi-mugi Gusti Allah nglebet-aken kito sedoyo ing dalem golonganipun tiyang-tiyang mukmin engkang saget migunak-aken wekdal kangge ngamal ingkang kathah lan saget khusyu’ ngibadah sinartan mugi-mugi sedoyo pinaringan husnul khatimah.

Aamiin3x ya rabbal ‘aalamiin

Baca juga:   Introspeksi Diri

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here