Home Cerpen Es Dhundhung

Es Dhundhung

5
Es Dhundhung

Dening Ika Zardy Saliha

Suyanto.id–Asih isih bundeli pituture Mbah Wedok, wong sabar rejekine jembar, dimen bisa ngalap urip luwih berkah, laku prihatin dadi sarana menepe batin.

Nanging nyatane sore kuwi tatu-tatu iki isih ngrenggani ati Asih. Asih amung bisa nyimpen rojeh-rojehe rasa kuciwa amarga Asih salah tampa lan kleru pangira.

“Asih, kok mruput lehmu adus, arep menyang ngendi, Nduk?”

“Badhe halan-halan, Pak!”

“Lungan karo Wanto?” bapakne wus kaya polisi nakoni wong kang duwe perkara yen ngerti anake wadon arep lelungan.

“Mboten Pak, niki rencang enggal, insya Allah langkung yahuud,” karo ngilo ngarep pengilon Asih mbenerake lipstick aneng lambe sing kurang abang.




“Lha, Wanto terus priye, Nduk. Kowe ora kena main-main, lho. Ati wong lanang kuwi ngluwihi segara, yen tresna mesthi berjuang tekan pati. Nanging yen wis dilarani rasane bisa dadi donga, nganti digawa mati, Nduk!”

“Kamongko kabeh wis padha ngerti marga Wanto wis kerep mara aneng warungmu!”

Warung baksone Asih pancen kondhang kaloka, jalaran saliyane olah-olahane enak, sing dodol ayu uga eseme nengesemake, nganti sing padha tuku saka tukang bangunan tekan priyayi ngaluhur, ana dosen, perawat, polisi, lan sapanunggalane.

“Pripun malih Pak, ngendikane bapak menawi kula pados jodho ampun nilarake sekawan perkawis, ing antawise, agami, bobot, bibit, lan bebet. Kula lha namung ngestokaken, Pak!”

Durung rampung anggone dandan, dumadakan hapene Asih muni, gage tangane nyaut hape lan sanalika nduliti layar, lambene mesem bareng ngerti sapa sing nelpun kanthi bungah banjur diangkat.

“Halo, Assalamualaikum.”

“Waalaikumussalam, Mas Edi, kok kadingaren nelpun aku.”

“Iya Dhik, aku mau dolan aneng warung bakso jebul kowe wis mulih.”

“Iya Mas, sorri mau adhiku sing dakkon nggenteni dodolan, awakku rada mriyang.”

“Oh, aku meh tekan omahmu Dhik, iki wis tekan pertelon cedhak mesjid.”

“O yaya Mas, menggok ngiwa pas wit klengkeng kembar ya, Mas.”

“Oke. Aku menujumu.”

Krekep gegancangan hape ditutup, Asih mlayu mlebu kamar, njupuk tisu siyap-siyap aneng ruwang tamu, wis ora nggatekake bapakne sing mlongo nyawang anake wadon.

“Sih, aja nganti Wanto ngerti lho Nduk,” ujar bapakne karo nglinting udud.

“Mpun saged diatur, Pak. Kula mpun putus kalih Wanto.” Kanthi besengut Asih mangsuli pitakonane bapakne

“Weeh..!”

Bapakne kaget kaprungu ujare Asih, tansaya kaget nalika saka njaban omah kaprungu suwara mobil mandheg. Asih bukak lawang ruwang ngarep, pengin ngerteni sapa sing teka.

Katon ana mobil Avanza ireng kinclong mlebu pekarangan, sanalika Asih lan bapakne ndomblong bareng ngerti sapa  tamune. Sawijining priya pideksa, gagah, gedhe dhuwur ngagem celana jeans biru lan hem biru tlemik-tlemik. Asih mapag tamune karo ngajak salaman.

“Dak kira ethok-ethok je, Mas.”

“Wah, gak ada istilah main-main kanggo Edi,” ngucap mengkono Edi karo nepuk dhadha.

“Mangga pinarak lenggah, Mas. Iki bapakku, Mas.”

“Kula Edi, Pak. Lha Ibu pundi?”

“Emake sampun tilar donya dangu, Mas.”

“Nyuwun ngapunten, Pak!” kandhane tamu mau.

Runtung-runtung wong telu banjur lungguh, crita ngalor ngidul kanthi muyeg. Ora let suwe bapakne pamit menyang kandhang. Asih tansaya kesengsem, bareng ngerti yen Edi iku dosen aneng kutha lan isih bujang durung rabi, mula Asih setengahe ngoyak. SKSD, sok kenal sok dekat, marang Edi, mangkono tembunge kang mratah ing jagading pasrawungan.

Dhung…. dhung… dhung…. Kaprungu suwarane bendhe kang ditabuh dening bakule es dhung-dhung utawa es krim. Wanto, jenenege bakule es krim kuwi, mesthi lewat ngarep omahe Asih kaya adat sabene nawakke es krim. Padatane Asih banjur mlayu metu lan tuku es krim mau.

Ananging saiki, Asih kang rumangsa mabur dhuwur aneng awang-awang, malah lungguh mepet nyedhaki Edi. Rumangsa dicedhaki Asih, mula tangan tengene Edi banjur ngrangkul Asih karo nglirik Wanto lan guneman klisik-klisik. Bareng ngerti Asih lagi lungguh karo bocah lanang, Wanto banjur klepat ngegas motor butut sing nggawa es dhung-dhung.

“Kamu cantik, Dhik. Sapa bakul es kuwi, Dhik?”

“Ah, kuwi kancaku dodol nang warung, Mas. Jenenge Wanto, uwis dak putus kok, Mas.”

“Oh dadi Wanto pacare Dhik Asih?”

“Ngene Mas… Dheweke pancen seneng karo aku, malah wus arep nglamar aku, nanging  piye ya, Mas. Jujur wae Mas, yen aku ngrumat Wanto, uripku tansaya rekasa tembe mburine.“

“Lha ngapa, Dhik..”

“Wanto kang amung bakul es kililing, asal usule ya durung cetha. Aku jeleh urip nelangsa sarwa kekurangan, kawit cilik nalika emak isih sugeng, aku wis melu rekasa jungkir jempalik ngewangi golek rejeki bapak karo emak, nganti sekolahku amung ketuk SMA. Ora kaya Mas Edi malah dadi dosen, jaal?” kanthi kembeng-kembeng Asih critaake lelakon uripe kawit jaman cilik tekan seprene.

Baca juga:   Ngglewang

“Dhik.. tapi asline kowe tresna ta karo Wanto?”

“Emm.. kan itu dulu, Mas. Lha yen Mas Edi tenanan karo aku, aku milih mas Edi, hihihi.” Karo megat megot Asih ngobahake pucuking jilbab, sajak isin isin gelem.

“Dhik, dak suwun aja cepet-cepet mutuske karo Wanto, lan aja kesusu serius karo aku. Mengko ndak Dhik Asih getun. Jare kandhane yen penyesalan tiba mburi, gene yen aneng ngarep jenenge pendhaftaran, Ha-ha-ha.”

“Halah.. Mas Edi ki.. bisa wae.” Ngucap mengkono Asih karo nyenggolake sikute aneng tangane Edi.

***

Wektu terus mlaku, rasa wuyung kang temiyung aneng jero atine Asih saya ngrembuyung, senajan Edi tekan telung sasi durung nate mratelakake rasa tresnane. Pancen polat lan tanggape Edi becik lan gemati. Yen malem Minggu kerep dolan aneng ngomahe Asih, kanggo bocah abegeh sing dijenengi apel malming ngono iku. Tangga teparone Asih wis padha duwe panyangka yenta Edi kuwi calone Asih, amarga sabe-saben kerep mara lan dolan bareng. Apa panjaluke Asih ya dituruti, wis kaya jamak lumrahe remaja jatuh cinta jaman saiki.

Landhep ing rasa wong tuwa tuwuh amarga bisa maca kahanan lan glagat anak. Senajan Asih rumangsa mongkog duwe kanca Edi, nanging suwalike bapakne Asih saben wektu angrasa susah lan was sumelang.

“Sih, jane Edi kuwi seneng kowe apa ora?”

“Pripun nggih, Pak?”

“Welah, ditakoni malah genti tinakon, kaya wayang, kepriye ta iki? Coba kandha apa sing sabenere kok karepake?”

“Nganu.. kula jane nggih pengin mas Edi kadose langkung mapan mbangane Wanto. Namung bareng kula tampik Wanto, lan putus kalih Wanto, kok saniki Wanto boten nate sadeyan es malih, kadhang rumaos lepat kula, Pak!”

“Lha ya kowe kuwi, Sih. Sakjane lha aja kesusu, kabeh dadi kanca sing becik wae, nyambi disinaoni kahanan sapa Wanto lan sapa Edi,” kanthi wicaksana bapakne Asih ngandhani anake wedok sing digadhang-gadhang bisa urip mulya.

“Nggih Pak, kula rumaos klentu, kamangka Wanto sampun nate maringi alamat mbokmenawi kula purun dolan mrika badhe ditepangke bapak ibune.”

“Nah.. ya wis coba saiki ditlisik dhisik, Sih. Mbokmenawa isih ana dalan kang luwih apik kanggo kowe.”

***

Dina Minggu Asih nglegakake numpak gojek nggoleki alamate Wanto sing isih disimpen aneng catatan hape. Ora omong sapa-sapa, Asih nekat nggoleki omahe Wanto, antarane  seket menit saka ngomah, lagi wae ketemu jeneng gang lan papan adhedasar alamat sing ditampa saka Wanto rikala semana.

Tekan papan kang dituju, dumadakan Asih kaget campur gumun, ora ngira babar blas, gene omahe Wanto kui komplek pegawai, bangunane klebu modern, mangku plataran jembar sing dihiasi taman endah nengsemake. Bola bali Asih maca alamat aneng hapene, kanggo nakyenake bener lan orane, Asih banjur takon satpam kang jaga komplek perumahan gedhe mau.

”Mas, nuwun sewu, badhe nyuwun priksa?”

“Inggih, menapa Mbak?”

“Menapa menika leres dalemipun Mas Wanto?”

“Pak Suwanto, S.H. M.H.?”

“Boten Mas, Ingkang sadeyan es dhung-dhung.”

“Es Dhung-dhung?”

“Inggih, kula pikantuk alamat saking piyambake, niki lo potone,” Asih bukak galeri hapene aneng kono ketok potone Wanto nganggo topi pas nalika dolan aneng warunge Asih.

“Lha nggih niki Pak Suwanta, S.H., M.H., Mbak. Piyambake hakim wonten Pengadilan Negeri nyambi dosen wonten universitas,” satpam mau nerangake kanthi pana.

Gembrobyos kringete Asih nalika ngerti sapa sabenere Wanto, bakul es dhung-dhung sing wis ditolak tresnane. Kabeh lelakon kepungkur kagambar cetha njalari sirahe kliyengan, awak adhem panas kerongkongan sat, rasane ora karu-karuwan.

“Mbak, mangga lenggah wonten pos mriki riyin,” ujare satpam sing ngerti Asih kaya bingung ameh semaput.

“Inggih Mas, matur nuwun,” Asih lungguh aneng kursi njeron pos satpam, ora sengaja Asih weruh daftar nama lan poto para satpam kang jagani kompleks.

“Mas.. nuwun sewu, menika Mas Edi, nggih?”

“Inggih leres, niku Pak Edi rencang satpam mriki Mbak, malah asring Pak Edi nyupiri Pak Suwanto, Mbak.”

“Ngagem titian avanza cemeng?”

“Leres, Mbak!”

Keprungu kandhane mas satpam mau dumadakan Asih buyer, kliyeng-kliyeng, pet-petan kabeh kahanan dadi peteng burem. Asih semaput amarga iwak kang karep dicekel malah mrucut. (*)

Ika Zardy Saliha adalah pengawas madrasah yang hobi membaca, menulis, dan menyanyi. Setidaknya, ada 50-an judul buku yang pernah ia tulis. Hobi itu telah mengantarkannya studi tiru ke Finlandia.

5 COMMENTS

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here