Home Puisi dan Lagu Green Canyon

Green Canyon

0
Green Canyon

Dening Ika Zardy Saliha

Angin angelus peperenging jurang trebis
Guyon pepasihan mring grumbuling gegodhongan
Anyimpen sewu crita tan kinandha
Ing antarane swara prahu cilik
Kang rosa anyabrang tanpa sumelang
Senajan pepalang tansah angadhang

Rina kang kebak pitakon
Prastawa apa kang bakal tumeka
Ing antarane donga ngrerintih
Bebarengan sumiliring samirana
Kang nggawa warta

Suwara kumricik ilining tirta iki
Cumetha ngundang tangising ati
Binukti yen rasa iki tan bisa ngapusi
Duh Gusti kapan kapang iki bisa karukti
Kajamas endahing tirta lan sewu gegodhongan

Iki dadi seksi
Menawa aku tansah angantu
Tekamu rina kelawan wengi

Green Canyon, 4 Februari 2022

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here