Dening Inkasari Oktaviana
Owah gingsir laku urip iki
Tansah ngoyak pitakon ing ati
Manjing angrem nggubel ing pikir
Tanpa semaya dadi bebenduning dhiri
Mobah mosiking kahanan tansah nyegati
Akeh prastawa kang hangalang alangi
Ngrasuk suksma tan bisa ngusadani
Kepara donya malah ngiwi-iwi sengit
Ngadhepi kahanan kang wis dumadi
Ana dalane ora susah wedi
Mangertia kabeh wis kinemulan pesthi
Sanyatane katentreman bakal bisa nekani
Kalibawang, 20 November 2020