Dening Ika Zardy Saliha
Kidung urip anggayut langit
Nanjem jarem ing pulung ati
Ngumandhang kanyut ilining pangangen-angen
Kala-kalaning njebol bentenging nalar
Mlumpat angoncati pagering rasa
Mubeng kekitreng lena mring mangsa
Ananging sejatine apa kang tinampa ing donya iki
Amujudake peparinge Gusti kang Maha Suci
Mula kudu tansah denira syukuri
Kabeh kajaga amrih lestari
Pindha sabdaning Gusti, ing ayat-ayat suci
“Man amila salihan falinafsih wa man asaaa fa’alaiha”
Becik-alaning patrap lan tumindak
Tembe mburi bakal ngundhuh wohing pakarti
Kulon Progo, 11 Ramadhan 1433 H