Dening Ika Zardy Saliha
Suyanto.id–Jaman tansaya maju. Manungsa saya akeh. Kabeh kepengin bisa kecukupan kabutuhane urip. Sing nyukupi sandhang pangan lan papan. Sapa kang ora kepengin meruhi kahanan wong ngaurip sing disawang katon banget mulyane. Malah kena diarani pinaringan suwarga donya. Mesthi wae kabeh padha kepengin. Nanging nyatane akeh kang ora bisa, utawa amung tekan ing pengangen-angen wae.
Jam setengah siji panase nggemplang, nang madrasah rasane sumuk. Kipas angin sing wis mubeng paling gedhe aneng ruangan kaya-kayane nganti kurang silir senajan wis ketok sembribit.
Bu Astuti kepeksa kebutan kertas ulem pelantikan sing bar wae ditampa saka kantor dhinas wilayah DIY. Aneng jero atine ngrasakake seneng-seneng susah, amarga dheweke bakal rada karepotan lan rada rekasa, nanging kabeh mau mesthi ana hikmahe. ulem kang ditampa saka kantor wilayah iku wosing nelakake, amrih Bu Astuti, M.Pd. wiwit wulan ngarep sing mung kari rong minggu maneh, dimutasi dadi Kepala Madrasah Negeri 3 Samigaluh.
Wis kondhang kaya ngapa daerah Samigaluh kuwi, kajaba pegunungan paling dhuwur ing Kulon Progo, kadhang nggoleki sinyal hape wae rada kangelan. Kamangka jaman saiki apa-apa online, babagan kepentingan kadhinasan sajak, sajet saknyet langsung dikirim saka awang-awang, nanging pancen malah kebeneran tumrape Bu Astuti amrih bisa mandhiri.
“Kapan maneh aku bisa urip mandhiri, karo bojo lan anak menawa ora gage misah saka tabon, saiki wektu sing paling pas kanggo uripku,” batine Bu Astuti karo mbaleni maca isi layang mau.
“Bu Kepala lajeng dospundi kaliyan Bu Marsiyam, menawi dipuntilar?” pitakonane Pak Suripto, kepala tata usaha ing Madrasah Negeri 7.
“Badhe kadospundi malih Pak, sampun kersane, lha menika tugas kedhinasan ingkang kedah kula lampahi,” semaure Bu Astuti.
“Namung sajane kita rumaos kecalan panjenengan lho Bu, wonten mriki madrasah nembe mawon ngrembaka, prestasi lare milai mrambat,” Pak Suripto bukak rasa.
“Mangke ingkang nggantos kula lha nggih langkung mumpuni Pak, pokoke kula ndherek titip madrasah, ugi ndherek Ibuk maratuwa ingkang kedah dipun emong kanthi sabar.”
***
Rasa rikuh, pakewuh, ora tegel lan sarwa ora kepenak, saben-saben nyiksa ati. Malah bisa mbebingungi uga ndadekake kuwur ing pamikir.
Ibu Astuti, M.Pd. piyayi kang lenggah aneng Purworejo nanging nglenggahi jabatan Kepala Madrasah Negeri 7 Kulon Progo. Asring Bu Astuti nemahi bab-bab kang marakke judheg lan gawe mumet. Undering perkara amarga tumpang suh ing antarane kepentingan kaluwarga lan kepentingan madrasah sing kurang pas anggone milah-milahake.
Larahe kepiye? Bu Marsiyam dadi pegawai honorer, tugase jaga perpustakaan aneng Madrasah Negeri 7 kuwi, ibu maratuane Bu Astuti. Dene omahe isih dadi siji amarga Pak Irfan garwane Bu Astuti, anak ragile Bu Marsiyam.
Karepe mono Bu Astuti kepengin mandhiri rikala dadi pegawai negeri aneng Kulon Progo, nanging Bu Marsiyam ora ngidini. Malah kepara Pak Bambang anake barep Bu Marsiyam sing lulusan teknik sipil ya urip dadi siji saomah karo ibune. Pancen omahe jembar pendhapane gilar-gilar, tetanduran woh-wohan ing pelataran maneka warna.
Taun iki rehab pembangunan musolla madrasah dhanane wis cair lan enggal-enggal proyek diwiwiti. Sing mborong bangunan PB. Mulya Bakti, duweke Bambang, S.T., kangmase ipe Ibu Astuti, lan mandhore ora liya Pak Burhan, yaiku adhine Bu Marsiyam. Wondene sing masoki bahan bangunan ya kuwi Pak Irfan, garwane Bu Astuti.
”Bu Marsiyam, pembangunan musolla dipasrahake putrane jenengan, ta? Kepriye mengkone yen diarani Bu Kepala Madrasah iku KKN? Kamangka babagan korupsi, kolusi lan nepotisme kuwi saiki dadi perkara sensitive lo,” ngendikane Pak Suripto nalika ngrawuhi perpustakaan madrasah.
“Nggih boten ngoten ta, Pak, niki malah namine memberdayakan kompetensi dari dalam, ngaten. Tinimbang pados pemborong sanes Pak, Anak kula Bambang nggih insinyur, adhi kula Burhan nggih sampun kulina mandhor. Lha napa malih namung proyek alit, wong proyek gedhung budaya kabupatren mawon, kelik Bambang ingkang mandhegani, Pak!”
“Aku percaya Bu, yen putrane pancen sarjana teknik lan pemborong, nanging iki dadi kaya proyek keluawrga, je. Aku mung mesakake karo Bu Astuti, yen mengko ana monitoring saka atasan, mbok menawa dadi pangocap pejabat. Priye-priye mengkone, madrasah sing kena.”
“Tenang mawon, Pak KaTe-u, mpun percaya mawon kalih kelik lan Bu Kepala, mangke lha nggih atasan priksa kasile,” wangsulane Bu Marsiyam ora gelem temungkul.
Sapa wae wis padha ngerteni pancen sifate Bu Marsiyam, ambak-ambakno mung pegawai honorer, nanging sok ngatur, ngeyel, sok kuasa. Klebu ngatur mantune sing dadi kepala madrasah ya atasane aneng pawiyatan. Apa maneh sajroning seminggu iki Bu Astuti lagi tindak Diklat Kepemimpinan aneng Semarang. Wah Bu Marsiyam ketok ngawu-awu ngatur madrasah, kamangka sing sabenere ora patiya ngerti mobah-mosike sekolahan.
@@@
Jam wolu isuk, ibu penilik wis rawuh, guru-guru Madrasah Negeri 7 katon padha kresuhan, apa maneh sing durung gawe administrasi pembelajaran. Ananging Bu Penilik ngendika rawuhe iki kanggo monitoring kinerja kepala madrasah.
Ibu Astuti lagi wae kundur saka penataran, dina iki krawuhan bu penilik mula kudu siyap paring laporan babagan pawiyatan.
“Alhamdulilah kados sampun rampung pembangunan musollanipun gih, Bu Astuti?” aloke Ibu Penilik.
“Inggih Ibu. Mbokbilih nembe mawon finishing kala wingi, Bu. Sebab nalika kula tilar keramik dereng pun pasang,” wangsulane Bu Astuti.
Dumadakan Bu Marsiyam mlebu aneng ruangan kepala karo nyaosi unjukan, biasa sok cari muka jare kanca-kancane. Karo mesam-mesem, dheweke banjur melu jagongan.
“Nuwun sewu Bu Penilik, ingkang mborong pembangunan musolla niku lare kula, Bambang,” ujare Bu Marsiyam karo lageyane sing rada kemayu.
“Oh, napa leres, Bu Astuti?”
“Inggih, Bu Penilik.”
“Mangke mangga dipun priksani nggih Bu Penilik, keramike nika ingkang paling sae tur awis lho, Bu,” celathune Bu Marsiyam karo pamer lan golek pangalembana.
Bu penilik ora wangsulan, nanging banjur buka hape, terus nyawang Bu Astuti, “Sampun dicek edaran lan juknis babagan pembangunan musolla menika, Bu?” pitakonane Bu Penilik
Mak Dheg, Bu Astuti krasa menawa bakal entuk teguran iki.
“Dospundi Ibu, sampun dipun pelajari sedaya?”
“Kadose sampun Bu, nderek arahanipun Bu.”
“Sampun cocok menapa dereng antawisipun pelaksanaan rehab kaliyan juknis ingkang ngatur thekkliwere proyek musolla menika?”
“Mbokbilih wonten ingkang boten sesuai, Bu?”
“Panci wonten ingkang benten kaliyan bestek utawi juknis, Bu. Keramik musolla menika kedahe ingkang polos, naming menika malah kembang-kembang maneka warna.”
Keprungu ngono, Bu Marsiyam gage nyaut, “Keramik kembang-kembang menika lha malah nembe ngetrend ta Bu, dipun sawang langkung sae, anak kula tombok mboten napa-napa Bu, dhep-idhep sedekah kalih madrasah?”
“Nuwun sewu, kula nembe matur kaliyan Ibu Kepala, sebab tugas kula nggih supervisi kepala lan guru, menapa malih menika babagan proyek pembangunan, mangke laporanipun dumugi Irjen,” wangsulane Bu Penilik.
Kaya orong-orong kepidak ronge , Bu Marsiyam cep klakep ora wangsulan apa-apa. Sing adate klecam-klecem kemayu saiki ndelileg.
“Ibu katuran tindak wonten perpus mawon, nika lare-lare mbetahake ngampil buku,” pengakone Bu Astuti marang ibune, kareben pegawe honorer kuwi enggal ninggalake ruang kepala.
“Nggih, nyuwun pamit riyin, Bu.”
Sapungkure Bu Marsiyam, Ibu Penilik karo mesem ngendika geguyon marang Bu Astuti.
“Jaman disrupsi ngaten, Bu Kepala kagungan pegawe perpus kok ampuh sanget.”
“Nggih, Bu. Jian nyuwun ndalem sewu mandar asring damel kisruh, Bu Penilik.”
“Namung nuwun sewu, Bu Kepala. Babagan ngaten menika kedah dipungatosaken saestu. Kedah saged milah-milah ing antawisipun perkawis kedhinasan, kaliyan kekeluargaan Bu. Kula ngrumaosi bilih awrat panjenengan anggenipun nglampahi, wonten ndalem menika ibu marasepuh, wonten pawiyatan menika rencang nyambut damel. Namung kemawon bab aturan, menapa dene regulasi, panjenengan kedah tegas lan gumathok, awit menika tanggeljawab panjenengan.”
“Inggih leres sanget, Ibu. Matur nuwun awit motivasinipun,” wangsulane Bu Astuti nglenggana kaluputane.
“Insya Allah, bibar menika kula badhe ngupiya sesarengan rencang-rencang guru lan tenaga kependidikan, kados pundi bab-bab ngaten menika saged dipunrampungi kanthi sae lan wicaksana mboten nuwuhaken perkawis sanes,”
“Kula sarujuk, Bu,” Bu Penilik ngacungi jempol sambi manthuk-manthuk. Piyambake priksa menawa Bu Astuti klebu kepala madrasah sing berprestasi, yuswane isih mudha mula isih duwe jangkah luwih dawa, apa maneh nembe wae siswa-siswi Madrasah Negeri 7 iku padha kasil nyabet juara olimpiade sains.
$$$
Bu Astuti sengaja ngajak lenggah mring keluarga ageng Bu Marsiyam, sawise rampung padha dhahar. Wektu lebar magrib iku dadi acara pepisahane bu kepala tumrap keluarga besar Bu Marsiyam
“Ibu, Mas Bambang, Mas Irfan lan kabeh keluarga, kula nyuwun pangapunten saderenge kula pamit saking griya mriki, sakjanjane rekane panjenengan sedaya badhe nyengkuyung proyek madrasah kareben kula pikantuk pangalembana, nanging kasunyatan bab keramik polos diganti kembang-kembang niku blas boten cocok kalih juknis,” ujare Bu Astuti.
“Dhik Astuti, senajan ora cocok kan kudune dhinas malah matur nuwun ta, amarga keramik iku luwih berkualitas,” tanggapane Mas Bambang
“Sanes babagan kualitas, Mas! Nanging boten cocok bab tertib administrasi, boten pas kalih besteke.”
“Dhik, mbok matur dhisik sowan aneng kantor wilayah, mengko ndakrewangi matur,” ujare Irfan garwane Astuti.
“Wis ora perlu kakehan acara, Mas! Sing baku aku entuk pembinaan dimutasi luwih adoh saka ngomah kene, mula awake dhewe kudu ndang pamit siyap golek kontrakan cedhak madrasah kuwi,” tegase Astuti.
“Lha… dipindah?” Bambang, Marsiyam, Irfan kabeh padha kaget.
Bu Marsiyam gelem ora gelem kudu pisah karo anak ragil lan mantune sarta putu-putune, amarga Astuti bakal nglaksanani jejibahan dadi Kepala Madrasah Negeri 3 Samigaluh. (*)
Selalu mnatul buwas