Home Cerpen Layang Kaget

Layang Kaget

12
Layang Kaget

Ika Zardy Saliha

Suyanto.id–Lik Warni anggone ngendika tansaya ndadi, kaya-kaya wis ora dipenggalih. Olehe ngonek-onekke Nuning entek golek kurang opek. Pakdhe lan Budhe Wira amung mendel wae, senajan sajroning ati krasa mekritik mirengake kojahe adhine ipe.

“Sampeyan kuwi Mas, dumeh anak wedok siji mung kakean dolan karo jejogedan wae, kolabuhi nganti nungsang-njempalik, hambok entekna barang darbekmu lan warisanmu iku, aku gelem nyembah aneng ngarepe anakmu, yen pancen bisa dadi sekolahe,” ujare Lik Warni nalika ngerti menawa Pakdhe Wira arep golek butuh kanggo anake wedok.

“Hambok kaya kelikku kae, rasah sekolah dhuwur, cukup diwenehi modhal duwe sewan tenda lan sound system, gene yen ana tanggapan ora mati rong-puluh-yuta,” kojahe Lek Warni mamerake kasile anake lanang.



Ditutupana lan dilalekake, rembuge ipene mau tetep ngumandhang ing talingane Pakdhe Wira. Nganti wis meh ana setaunan, Pakdhe Wira ora nate sanjan sinanjan, senajanta iku siji-sijine sedulur lanang kandhung. Nalika riyaya Budhe Wira wis tau ngelingake amrih pasedulurane becik kaya padatan.

“Gelema nylondhoh ya adhiku sing luwih enom, awake dhewe iki prenah tuwa kok, dinggo apa mara mrana, wis kowe rasah mikir babagan iku!”

Budhe Wira sing rumangsa duweni karep bener malah dipenggak. Sedulur loro wae ra tau akur, ana wae perkara sing jalari gosreh. Sakjane yen adhine lanang akeh le meneng, ora tau nganti padudon, nanging ndilalahe sing wedok gampang kasulut suwasana, yen kocap ngomong sapenake wudele dhewe.

Bubar nyruput wedang teh, Pakdhe Wira bukak hape, We-A pesenane anake wedok diweruhake bojone.

“Iki lho, Bune, Nuning saka kutha ngabari!”

“Kabar apa Pak, njaluk kiriman dhuwit meneh?”

Budhe Wira manut dhawuhe kakunge, enggal-enggal hape dicekel, banjur melu maca pesene anake wedok.

“Welah arep neruske es-dua, dhuwit saka ngendi meneh, Pak. Wingi rampung es-satu wae wis megap-megap!” Budhe Wira setengah mbengok, ha-pene diglethekake aneng dhuwur pangkone bojone.

“Kowe ki aja mung mikir akehe dhuwit sing dinggo wragad, ukara sing ngisor dhewe kuwi wacanen.”

“Aku wis maca kabeh, wis ngerti Nuning lagi wae nampa es-ka Pe-En-Es. Lhaning gajine guru Es-De kuwi sepira ta Pak, gene diece terus karo Lik Warni, ta?” polatane Budhe Wira katon mbrabak.

“Ya ditrima trimaake Bune, ora usah melu kobong atimu, kareben anake dhewe diece amung bisa dadi guru Es-De, lha sing baku kanggo tumrap masyarakat, nusa lan bangsa ta, coba yen ora ana sing gelem dadi guru, bocah-bocah arep sinau karo sapa?”

“Pancen bener kandhamu Pakne, asline wis daksyukuri tenan, senajan awake dhewe ora mangan pojok sekolahan, nanging anake dhewe bisa dadi sarjana.”

“Lha hiya, apa ora mongkok duwe anak guru. Alhamdulilah, karang Nuning, sarjana tari ya gaweane mulang joged kaya kandhane Likne kae, nanging kanthi sinau lan mulang tari kuwi mula budhaya ngaluhur bakal lestari, kamangka jaman saiki meh kageser karo budhaya manca.”

“Aku jane ya gelem dijak rembugan babagan kuliahe Nuning Pak, nanging ngepasi kelingan suwarane adhimu ipe sing kaya mbelah-mbelahna bumi, marakke ati kemritik Pakne.”

“Uwis ora sah dirasa jeru-jeru, jarene sedulur iku tetep sedulur, sesuk yen Nuning wis sukses, awake dhewe mara syukuran nanggone Likne kuwi. Lha saiki iki lagi prihatin. Paribasan awake dhewe lagi nglangi aneng samudra, mula mati sepisan kanggo urip salawase. Saka pamawasku panjangkane Nuning iku ana benere. Dhep-idhep kena kanggo modhal tumrap anakmu ing dina mbesuke.”

***

Sore iki udan sajak wis muntub-muntub ing langit kumudu ambrol. Nuning nggelak lakune supaya enggal cepet tekan ngomah. Keprungu suwara sepeda motor aneng latar, Budhe Wira gage metu methukake anakke wedok kang lagi teka saka kutha.

“Assalamualaikum, Bu,” kocape Nuning karo salaman

“Walaikumussalam, sehat ta, Nduk?”

“Alhamdulillah, Bu, Bapak pundi Bu,?” pitakonane bocah ayu mau nyambi nguculi masker saka raine.

“Ana, kae lagi makani pitik, piye kok kowe mulih nggawa tas gedhe, ana apa Nduk?” ibune sajak gumun amarga anake wedok nyangklong tas gedhe kang isine sandhangan.

“Milai dinten ngenjang niku WFH, Bu.”

“Oh dadi kaya wara-wara kae, muni nyambut gawe aneng ngomah ngono?”

“Inggih, Bu.”

Krungu kojahe Budhe Wira lan gendhuk Nuning, Pakdhe Wira banjur metu saka pawon nemoni anake wadon.

“Mbokya anake ben ngaso-ngaso dhisik, Bu. Kareben wisuh-wisuh kana, lehmu ngintrogasi kuwi mengko meneh, Bune!” ujare Pakdhe karo nampa salim saka anake wedok.

“Ha-ha-ha karang selak kepengin ngerti je Pakne, kadingaren anggone mulih nggawa tas gedhi.”

“Kados badhe boyongan nggih, Bu?” Semaure Nuning mesem.

“Lha hiya kuwi, ha-ha-ha.”

Ngepasi wektu Magrib, udan tumiba deres banget. Suwarane ngaling-alingi kumandhange adzan. Rampung padha nindakake jejibahan salat, wong telu mau banjur lungguhan aneng gandhok sinambi ngedhepi godhogan tela, olehe bedhol saka kebon sisih tengen omah.

“Nduk, lha sesuk kuwi kowe banjur ora mulang?” Pakdhe ndangu anake wedok jalaran pancen ora ngerti kahanan kang diadhepi dening Nuning.

“Inggih tetep mucal Pak, namung boten wonten kelas, niki namine pembelajaran online,” Nuning wangsulan sinambi nyrutub wedang anget.

“Walah, lha terus carane kepiye kuwi, Nduk?” ibune gentenan takon amarga pancen durung mudheng.

“Nggih mawi ha-pe niki Bu, mangke tugas-tugas napa tutorial kula kintun.”

“Tansaya hora mudheng ya Bune, karang awake dhewe kuwi diarani, uwong jadul ngono kae, sing Gaptek pa piye laaah,” ujare bapakne Nuning kanthi cetha.

“Pancen bener Pakne. Ora Nduk, lha njur kowe kuwi sesuk dibayar apa ora gandheng aneng ngomah wae?”

“Nggih pangestune tetep diparingi gaji Bu, lan Alhamdulilah milai wulan benjang sampun 100 presen, amargi kula sampun resmi Pe-En-Es.”

“Ya syukurlah Nduk, muga-muga tansah begja, mulya, gampang anggone ngupaya rejeki, wis anggone lara lapa kareben wong tuwamu iki sing wis ngrasakake,” kocape ibune ngetokake rasane olehe prihatin wis suwe, sahingga anak wedok siji kuwi bisa rampung kuliah lan nyambut gawe. Kaya ngapa rekadayane Pakdhe lan Budhe Wira supaya anake wedok kasil dadi bocah sing miturut mring agama lan wong tuwa.

***

Wektu terus lumaku, senajan kahanan isih ndrawasi amarga sebarane wisa korona saya ndadi, nanging kegiyatan saben dina lan jejibahan mring Gusti lan negara kudu tetep  ditindakake. Wisa korona pancen marakke kahanan dadi susah, rasa wedi lan tansah sumelang. Apa maneh yen ngerti wara-wara aneng medsos , siyaran tivi, YouTube, lan liyan liyane, wus pirang wong sing kelangan nyawa, saben dina tansaya mundhak cacahe.

Baca juga:   Lor Kulon Dul Wetan

Kabeh pawiyatan ditutup, kantor-kantor, toko, hotel, stasiun, terminal uga bandhara dadi sepi kaya kuburan. Durung suwe iki malah aneng Kutha Dewata Bali ana lelangan Hotel berbintang. Virus korona ndadekake kahanan ekonomi ambleg, para buruh akeh sing dipehaka, bakul-bakul padha nglangut amarga tutup. Pengusaha ternak pitik, wis sambat ora bisa makani pitik merga reregan pakan larang kamangka regane pitik anjlog.

Kabar sing lagi anget malah kuthuk-kuthuk akeh sing diculake aneng lapangan uga kebonan kareben golek pakan dhewe. Geneya kabeh warga kudu stay at home alias aneng jeron ngomah, wong mudik ya dilarang mulih sebab bisa nambah rentetane virus mau. Sing paling nggrantesake rasa, para paraga kang makarya aneng pabrik-pabrik padha dilereni, dadi nambah cacahe wong padha nganggur.

Ora krasa Nuning anggone nyambut gawe aneng ngomah wis genep telung sasi. Seminggu kepungkur malah entuk layang dene pawiyatan es-loro-ne wis dibuka lan Nuning sa-kanca kang nduweni niyat mbacutake kuliah tetep bisa kuliah nanging dilakoni saka ngomah. Amarga kampuse uga ditutup kanggo pasemuan langsung. Wondene layang sing ngagetake tumprap Nuning sakeluwarga yaiku beasiswa es-loro-ne sasi ngarep bakal cair. Makaping kaping Nuning anggone ngucap syukur mring Gusti Kang Maha Asih.

“Nduk lha kowe sida nerusake kuliah apa ora?” pitakonane ibune saben ngonangi anake wadon amung nyawang ha-pe wae.

“Siyos Bu, niki sampun milai mirengake piwucalan saking bapak-ibu dhosen,” wangsulane Nuning lirih.

“Endi gene, aku ora krungu apa-apa.”

“Mawi niki Bu, namine headset,” anake wedok kanthi sareh aweh wangsulan lan mratelakake sarana kanggo mirengake suwara saka ha-pe. Bareng headset lan video-ne diprisakake ibune, dheweke banjur kaget semu gumun.

“Welah-dhalah, jebul barang cilik ngene iki jalari krungu lan weruh gambar cetha banget ta, walah Gusti…. Jian jamane saiki,” kojahe budhe Wira karo gedheg-gedheg.

Durung rampung anggone gumun nyawang anake wedok sing lagi tumanjem mirengake wucalan saka ha-pe, dumadakan krungu suwara sepeda motor tumuju omah.

“Kula nuwun, Mbakyu?”

“Mangga!” keprungu suwara wong wadon, Budhe Wira enggal-enggal metu mbukakake lawang ngarep, ora ngira jebul dhayohe adhine ipe.

“Weh gene kowe Lik Warni, sehat kabeh, ta?”

“Iya Mbakyu, paringane sehat amung bapake rada masuk angin, mula iki aku mung dhewe. Mbakyu, kakang ana ngomah ora,?”

“Kakangmu ana, kae lagi reresik kandhang, iki malah Nuning ya aneng ngomah, olehe nyambut gawe saka ngomah,” budhe Wira nyritakake kahanane anake wedok saka A tekan Z, kanthi rasa mongkog.

“Wah, melu seneng mbakyu, syukur yen Nuning wis dadi guru,” suwarane adhine ipe nalika iku mendhak alus ora kaya padatan.

“Alhamdulilah, matur nuwun berkahe sedulur kabeh. Lha kowe kok njanur gunung dhewekan mara ana perlu apa, Lik?”

“Iya Mbakyu, ketiwasan tenan aku kepepet iki, aku mara arep nyuwun tulung,” karo kemba-kemba Lik Warni ngudar tujuwane anggone mara.

“Oh, dadi tekamu ki arep golek sebrakan, ta?”

“Iya  Mbakyu, dingapura tenan, kelik sajroning telung sasi iki babar blas ora ana tanggapan, kabeh alate sewan kuwi nganggur-nggur Mbakyu, kamangka alat sing anyar kuwi anggone tuku nganggo duwit utang bank,” suwarane Lik Warni ngondhok-ondhok katon susah lan bingung.

“Jenenge kridhit, mula Kelik kudu nyaur pendhak sasi, Mbakyu. Kamangka akeh,” rampung ngocapake babagan kredhit, tangise lik Warni mingseg-mingseg nyambi nutupi raine.

“Wah ya aku dhewe ora maido Lik, haning wong kaya aku iki ora bisa golek, ora duwe panenan apa meneh simpenan, terus bisa apa jal. Kowe rak ya ngerti dhewe, ta?”

“Mbakyu… tulungana aku tenan, mumet iki,”

“Kepiye ya?” Budhe Wira uga bingung nampa tembunge adhine.

“Mbokmenawa Pakdhe kagungan simpenan, dakampil dhisik merga yen sasi iki ora bisa ngangsur cicilan, omahku bakal disita Mbakyu hu..hu..hu,” anggone nangis Lik Warni saya ngguguk.

“Wah, mengko malah ora dadi karepe, ngerti dhewe watake Kakangmu Lik,?” Budhe Wira uga bingung kepiye olehe arep ngewangi adhine.

“Ohya mengko dhisik, coba dakrembugan dilit,” Budhe Wira mlebu njeron omah, dheweke ora nemoni bojone, nanging nyedhaki anake wedok. Kanthi lirih lan cetha, Nuning dicritani tujuwane Lik Warni anggone mara.

“Nggih Bu, kula dakmanggihi riyin,” ujare Nuning. Wong wadon loro mau banjur runtung-runtung nemoni bulike.

“Sugeng, Bulik,?” Nuning jawat astane Bulik Warni.

“Alhamdulilah, cah ayu, wah selamat ya Nduk, ana lupute bulik sakaluarga dingapura ya?” wangsulane Lik Warni nyambi nggegem tangane Nuning kanthi kenceng.

“Matur nuwun Bulik, mboten wonten ingkang lepat.”

“Adhimu lagi tiba rekasa Nduk, wis ora nyana tenan kahanan kok dadi kaya mengkene. Lha kowe mono seneng, aneng ngomah tetep oleh bayar,” Lik Warni sajak meri karo kahanane Nuning saiki, kamangka sadurunge saben dina amung ngalem anake dhewe sing wis kok anggep luwih kasil.

“Sedaya wau namung nglampahi Bulik, ngendikane Bulik badhe ngersakaken arta, menawi sekedhik insya Allah kula wonten.”

“Iya Nduk, awakku lagi kepepet kahanan tenan, tulungono adhimu ya, ora akeh kok antarane telung yuta tekan papat wae.”

“Gih Bulik, insya Allah benjang kula dugekaken,” wangsulane Nuning mantep.

“Nduk, kowe duwe tenan pa piye?” pitakonane ibune sajak durung percaya.

“Wonten Bu, kan tigang wulan kula nderek maem ibu, dados insya Allah upah kula wetah tasih wonten ATM.”

“Begjamu, Mbakyu. Duwe anak wedok ayu, pegawe, apikan meneh,” ujare Lik Warni karo menyat ngadeg nyedhaki Nuning banjur ngruket ngesokake rasa legane ati.

“Ketrima tenan ya, Cah Ayu.”

“Sami-sami, Bulik.”

Ora let suwe Lik Warni banjur pamit mulih sadurunge ketemu Pakdhe Wira, dheweke rumangsa wis keweleh kabeh suwarane lan patrape kang kerep adigang adigung adiguna. (*)

Ika Zardy Saliha adalah pengawas madrasah yang hobi membaca, menulis, dan menyanyi. Setidaknya, ada 50-an judul buku yang pernah ia tulis. Hobi itu telah mengantarkannya studi tiru ke Finlandia.

12 COMMENTS

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here