Sunday, February 5, 2023
spot_img
BerandaCerpenLor Kulon Dul Wetan

Lor Kulon Dul Wetan

Dening Ika Zardy Saliha

Suyanto.id–Kahanan ing alam donya pancen maneka rupa lan maneka warna. Marga kahanan sing werna-werna mau mula simbah kakung nalika durung seda wis titip pesen marang putra wayah. Piweling iku kurang luwih isine ngandharake supaya anak putune aja padha gampang kesengsem lan kepilut marang pepaesing donya utawa godhaning hawa.

Semono uga kahanane Bambang Wicaksono lan Niken Hastuti sing wis sawetara suwe padha duwe sesambungan asmara, kaya lumrahe pacangan mahasiswa lan mahasiswi kuwi andum rasa aneng pasemuan.

“Nak Bambang maturnuwun ya, gene wis nggawakake oleh-oleh saka ngomah,” dumadakan ibune Niken melu nemoni Bambang nalika dheweke isih lungguh glenikan karo Niken.

“Inggih Ibu, sami-sami.”

“Nak Bambang, Ibu krungu saka tangga lan kanca pasar menawa eyangmu ora ngidini menawa jejodhowan ing antarane omah madhep ngalor karo omah madhep kidul arahe lor kulon, yen miturut Nak Bambang  bab kaya ngono kuwi kepriye?”

Pitakonan kaya mengkono satemene wis kerep dirungu dening Bambang, nanging Bambang ora nate perduli. Semonoa nalika sing nakoni bab kaya ngono kuwi ibune Niken, Bambang sanalika blangkemen ora bisa mangsuli. Luwih-luwih perkara iki bakal nggepok senggol anggone sir-siran karo Niken, kahanan iku ndadekake Bambang kaya kelingan tembung lan ukara kanggo mangsuli pitakonane ibune Niken.

“Kepriye Nak Bambang, kok kendel wae?” ibune Niken mbaleni pitakonan karo mesem.

Bambang saya glegepen kaya wong klelep ing kedhung Kali Progo.

“Dospundi nggih Bu, niku pitakenan ingkang kula piyambak mboten saged atur wangsulan ingkang gumathok, kula inggih bingung, Bu.”

“Lha kepriye, ta Nak Bambang kan ngesiri anakku Niken, ta?”

“Inggih leres, Bu.”

“Terus kepriye kamangka Nak Bambang kuwi omahe saka dul wetan, terus omahe Niken aneng sisih lor kulon, harak cetha ana alangan kuwi.”

“Menawi pemanggih kula ingkang baken punika gumantung anggenipun sami nglampahi, Bu. Sauger ingkang nglampahi sami-sami nglenggana lan tumemen sesarengan mangun brayat mesthi kemawon bab wewaler kados punika mboten badhe nuwuhaken punapa-punapa.”

“Nanging priye ya, Nak Bambang. Ujare wong tuwa ila-ila kudu dimirengake. Lha, yen kowe dhewe kepriye, Nduk Niken?”

Niken sing kawit mau amung nyawang lan nduliti ha-pe banjur melu urun rembug,

“Kula nggih sami kaliyan Mas Bambang, Bu. Sing paling penting niku sing nglampahi, lha pripun ta, Bu, napa griyane diowahi?”

“He-he-he, kowe kuwi, ngene lo, Nak Bambang lan Nduk Niken, wong tuwa kuwi ora ana sing pujine ala marang anake, mung wae Ibu kuwi ya sok duwe rasa kuwatir marang anane wewaler tinggalane leluhur. Harak eyangmu ugi nate ngendikaake babagan kuwi mau ta, Nak Bambang?”

“Inggih leres, Bu.”

“Minangka wong tuwa Ibu kuwi mung ngelingake supaya kabeh becik lakune ing tembe mburine. Ya mung ngono kuwi pangajabe Ibu. Ora ana liya, dak kira sapa wae ya mesthi nyuwun kabecikan ing urip iki.”

“Inggih, Bu.”

“Ya Wis, kono padha dibacutake anggone omong-omongan, Ibu dak niliki kebon mburi,” bubar kandha ngono kuwi ibune Niken banjur memburi, miyos lawang pawon niliki kebonan.

Sapungkure ibune Niken, Bambang lan Niken banjur padha pandeng-pandengan merga ora ngerti kudu omong apa. Niken mesem, Bambang uga mesem. Wong loro mau unjal ambegan bebarengan kaya mbuwang gorehe pikir merga rembug saka ibune Niken sing sajak gawe sesek ambegan.

“Piye, Dhik?”

Niken mung mesem tangane ngranggeh wedang sing kawit mau mung padha disawang.

“Ngunjuk dhisik Mas?”

“Iya, Dhik, aku ya ora ngerti geneya crita jaman leluhur sing wis atusan taun kok isih diuri-uri marakke cubriya lan rasa kuwatir, ya Dhik Niken?”

“Apa meneh aku Mas, tansaya ora mudheng, apa crita pepalang kuwi temenan utawa ora, lha sing dak sinaoni aneng sosiologi lan antropologi ora ana je babagan ngono kuwi. Kuwi mung kaya dene mitos baholak.”

“Nanging ngendikane simbah kakung lan simbah putriku, wis rada akeh contone, sing bebojoan kidul wetan karo lor kulon ha kok ya ora duwe anak, ngono.”

“Lha kan bisa dipriksakake secara medhis, mergane apa tumrap lanang lan wadone, wong jaman millennial ngene kok isih mikir pratandha arah omah.”

“Ya kuwi mau Dhik, mula aku dadi meneng wae nalika simbah ngendika mesti tujuwane arep nggepok senggol babagan  antarane aku lan kowe, Dhik.”

“Hiya, Mas.”

“Miturut penemuku sing paling temping ee… penting harak ya sing arep nglakoni. Ing kene ya antarane aku lan sliramu kusumaning atiku sing paling dak tresnani.”

Baca juga:   Melangit Rasa

“Halah.. nggombal maneh,” Niken njiwit lengene Bambang.

Bambang enggal nyaut tangan kang pakulitan kuning alus kuwi, epek-epeke kenya ayu digegem kenceng. Bambang ngrasaake lembut lan lumere epek-epeke Niken, rasa rasane kaya mabur aneng dhuwur langit.

“Mas, culke ta, Mas.”

“Wangsuli dhisik, sing baku aku lan kowe ta, Dhik?”

Niken manthuk karo mesem. Bambang banjur ngecukake epek-epeke kenya ing sandhinge sing pancen ayu lan nengsemake. Sajatine Bambang rumangsa getun nalika ngeculake gegemane tangan mau, jalaran yen manut karep lan rasane dheweke kepingin nggegem epek-epek mau sasuwe-suwene lan samarem-mareme.

“Dhik, ora krasa wis meh luhur ya?“

“He-he, iya Mas. Ketoke nembe wae lungguh jebul wis punjul telung jam.”

“Yen cedhak ngene iki rasane ayem, ya Dhik?”

“Kamangka omahe dhewe harak mung cedhak ya, Mas. Terus kala mangsa bisa weruh.”

“Malah bisa vedio call, barang.”

“He-he mula kuwi Mas,”

Nalika keprungu adzan luhur Bambang pamitan mulih saka omahe Niken, ibune Niken melu nguntapake. Sepedha motore Bambang nggleser metu saka plataran omahe Niken.

Dina kuwi dheweke ngrasakake menawa dalan-dalan sing diliwati rasane luwih alus tinimbang wektu-wektu sadurunge. Wit-witan, sawah, kebon sakiwo tengene omahe Bambang katon sumringah. Bambang dadi kerep mesam-mesem dhewe ing ngendi papan.

“Kenapa arah omah  kudu dadi pepalang, mbesuk yen wis klalon dhaup harak aku karo Niken mbangun gawe omah dhewe, ta? Geneya anak, rejeki, urip lan pati kuwi wis katulis aneng buku gedhene Gusti, manungsa diwajibake ngupadi lan memuji,” pamikire Bambang.

Nanging samonoa, Bambang pancen ora bisa owal saka pikiran ngenani perkara jejodhowan adu pojok, pojok lor kulon lan pojok dul wetan. Pancen miturut nalar lan penemu wong jaman saiki, perkara kaya mangkono mau cetha yen mung gugon tuhon, mitos, lan kena diarani mung waton omong, ora ilmiah lan ora kena dibuktekake.

Ewa samono, kabeh mau kaya wis dadi pituwas kang bisa gawe rasa was-was, kaya pepakem kang kudu diugemi, tanpa nganggo dipikir. Yen wis ngono, senajan mung padha meneng, kabeh wong mung ngenteni lan memujekake supayane kang nglanggar wewaler lan dianggep ora bener mau entuk pepalang utawa alangan. Yen wis mangkono kabeh mung padha nggeguyu.

“Ngandel raa?! Kandhani kok ngeyel. Jejodhowan kok wani-wani nglanggar wewalere leluhur! Ngandel raaa… kandhani, kok.” Paling mangkono aloke tangga teparo.

***

Seminggu luwih Bambang mikirake kahanane mau. Banjur sapa kang mesthi diluputake ing perkara iki, Bambang lan Niken kang padha kepingin urip bebrayan, apa malah sing luput wong atuwane kang biyen-biyene anggone manggon kudu adu pojok, lor kulon lan dul wetan?

Embuh saka saking judhege anggone mikir perkara kidul wetan lan lor kulon,. Apa merga saking gempung nalare merga wedi yen tresnane marang Niken jugar mung merga omahe adu pojok. Nanging sing cetha dina Minggu kuwi Bambang ngajak kanca-kanacane usung-usung barang darbeke saka omah wong tuwane marang omahe simbahne kang mapan ing sisih lor rada iring wetan.

“Arep pindhah kos ta, Mbang?” ana kancane kang celathu.

“Ngancani Simbah. Mesakake ming tuklak-thuklik wong loro,” Wangsulane Bambang karo mesem-mesem sajak marem.

“Kowe kuwi arep ngancani mbahmu tenan apa priye?” pitakone ibune Bambang.

“Lha inggih estu kok, Bu. Lha teneh mboten usung-usung…“ Bambang mantep tenan atine.

Bareng wis manggon pirang-pirang dina, Bambang banjur dolan omahe Niken lan kepingin banget ketemu Ibune Niken.

“Aku pengin matur marang Ibu je…” kandhane Bambang sajak nyalawadi.

“Lha ngapa je, Mas?”

“Pokoke ana perlu banget. Perluku lan uga perlumu… uga perlune Ibu lan Bapak… pokoke perlu kabeh…“ kandhane Bambang nalika Niken menyat arep njujul ibune kang lagi ana ing pawon.

“Ngaten, Ibu,” ature Bambang katon sareh banget, “badhe nerasaken rembagan perkawis jejodhowan adu pojok, kidul wetan lan ler kilen ingkang riyin punika.”

“Lha kepriye mungguh penemune Nak Bambang?” pitakone ibune Niken.

“Ngaten, Ibu. Sedaya wau sapunika sampun mboten wonten wewaler ingkang dados pepalang malih. Kula lan Dhik Niken sampun nir ing perkawis kados niku….”

“Lha kepriye mergane?” pitakone ibune Niken sajak nlesih.

“Margi sampun meh sewulan, kula sampun pindhah. Sapunika kula manggen wonten griyane Simbah… Lor Kulon kaliyan Kidul Wetan, sampun mboten pepalang kangge kula lan Dhik Niken malih….” Bambang mesem lan bombong atine. (*)

spot_img

TINGGALKAN KOMENTAR

Silakan masukkan komentar anda!
Silakan masukkan nama Anda di sini

- Advertisment -

Tulisan Terbaru

Cinta

0

Janji Proklamasi

1

Pelayatan Agung

0

Ziarah

1

Komentar Terbaru

Sedang Populer

1,166FansLike
68FollowersFollow