Ika Zardy Saliha
Dak jereng salembar-salembar
dak lempiti siji-siji
Ing pendhapa warana kabuka
kaisis nalika ati atis
ana maneka rupa, ana maewu crita
Ana semi sesuluran manis
anitik titik aklowongan tangis
ana kawung, bathike nalika wuyung
mbok menawa iki parang klithik
bakal sengsem kang anglirik
bathik latar pekalongan
nate gawe ati iki trataban
Kabeh bakal dak simpen
jroning lemaren-lemaren ati
Ing senthong kang wiwit krasa kopong
senajanta ana uga was sumelang
yenta bebathikane ati ngglewang ilang
angoncati tresna, kabur kabandhang
kalindhes ombyaking jaman
Pengasih, 8 Agustus 2020
Bunda Pengawas kapan videonya
pasti mantul
mantab bunda
Lha ini
ditunggu videonya ya bund sama teman bunda Fuzna. itu