Mbun esuk anggantung pepucuking gegodhongan
nalika pang-pang angluh tumelung
nanging, umesing wiwit ilang ing pasuketan
nora jumbuh ing kahanan rasa
Sewu angen dak sigeg, mandheg
nalika kahanan kekalang akekuwung wisa
wisaning donya
anggoyangake laku langgenging jaman
Pageblug angepung wakul binaya mangap
senajan tan maujud, tan kasat mripat
mewurahan anyebar mala mring kawula
bebasan tintrim sepi tanpa tepi
Jagad anapak mangsa, gonjang-ganjing
kebak rasa, jireh kepati
Was sumelang tansaya mangangkang
Wates, 10 April 2020
Ika Zardy Saliha adalah pengawas madrasah yang hobi membaca, menulis, dan menyanyi. Setidaknya, ada 50-an judul buku yang pernah ia tulis. Hobi itu telah mengantarkannya studi tiru ke Finlandia.