Dening Ika Zardy Saliha
Kidung esuk karenggan mega nggameng
Binarung ombak aluning segara
Ing antarane prahu prahu cilik
Aneng kisiking pesisir Pangandaran
Cahyaning surya sesingidan
Kaya rasa kang ngandhut lakon
Datan duweni daya
Senajan mung kanggo ngripta ukara
Nalika dak sendhekake sewu angkah
Lan rasaku aluruh jenjem
Nyawang esem grimis esuk
Kang nyimpen sengsem
Pangandaran 4 Februari 2022