Monday, November 30, 2020
Beranda Cerpen Reribet

Reribet

Dening Ika Zardy Saliha

Suyanto.id–Ing dina-dina iki akeh kedadean kang mrihatinake jalaran saka rekasane urip, lan angele wong golek pangupajiwa, cethane anjloging ekonomi ing jagad raya. Sumrambah pandhemi covid-19 ora mung disandhang bumi Indonesia, nanging kabeh uga sumebar ing negara liya.

Warganing masyarakat akeh kang kelangan pagaweyan, minangka sumbering panguripan ekonomi. Akeh PHK, buruh kang dirumahkan, akibate akeh wong urip kesrakat kudu ngupaboga mbudi daya nganggo cara liya, nanging ora sethithik sing kepeksa urip dadi pengangguran lan gelandhangan.

Pamerintah wis nggateake marang lasangsaran warga, rekadaya banjur cucul bansos, utawa bantuan sosial, pegawe kang blanjane kurang saka limang yuta disubsidi rongyuta patangatus sajroning patang sasi, senajan kasunyatane durung mratani marang kang pametune kurang saka limang yuta sesasi.

***

Sore iki nalika udan nggrejih wiwit awan mau, Sunarto pancen sengaja ora lunga-lunga. Dheweke kepingin duwe wektu neng ngomah ngancani bojone lan anak-anake. Akeh sing kepingin digagas lan disuntakke neng ngarepe bojone.

Sumiyati, bojone Sunarto, teka karo nyawisake wedang kopi kenthel karemenane bojone, disandhingi bakwan sepiring. Sawise nyelehake wedang lan nyamikan mau, Sum lungguh jejeri bojone.

“Kang, kok sajak ana sing dipikir, ana apa je.. ketoke kok wigati..?” pitakonane Sumiyati mbuka sepining sore iku.

“Iya, Sum.. aku lagi rada mikir jeru,” wangsulane Sunarto karo njupuk bakwan sing akeh brambang gorenge.

“Ya, yen ana masalah harak apike dirembug, Kang. Sapa ngerti aku bisa menehi iguh, ora ketang mung suwara thok.”

“Ngene lho, Sum..?” Sunarto  mandeng bojone. Sawise nyuput wedang kopi, Sunarto nerusake omongane.

“Sum, aja dadi atimu, ya iki kakang Widodo kawit wingi pesen arep mara, biasa kaya adate, neng ngapa ya Sum, saploke wong tuwane dhewe iki tilar donya, kok rumangsaku uripe awake dhewe tansah dirusuhi wae.”

“Kang, jan-jane aku harak wis bola-bali ngandhani ta, yen kakang karo mbakyu kae bisa rada prihatin, ngowahi mindset lan prilakune supaya luwih samadya, ora sah seneng dolanan kartu, ora sah suka-suka ropyan-ropyan.”

“Lhahiya… nanging?” Sunarto lagi arep nandheske omongane babagan kakang lan mbakyune. Dumadakan swara sepedha motor King mandheg pas aneng latar omahe Sunarto.

“Kula nuwun, Lik…” uluk salame Widodo lan bojone sawise nyetandharake motor.

“Mangga… mangga,“ panyaute Sum lan Narto karo ngadeg.

“Wah… dicawisi wijikan barang ta, Lik?”

“Lha, nggih, tertib Kang, mangga katuran wijik riyin,” pangocape Sumiyati.

“Asiyaap, Lik, iki ya wis sumadya masker barang,” wangsulane Yu Sri simambi wijik.

“Ha-ha-ha, kamangka lehku manut prokotol ee… protokol kesehatan kuwi kawit ana edaran gubernur lo Lik!” ujare Widodo.

“Lha, pancen kudu manut Kang, arep kepriye meneh iki jenenge kabudayan anyar,” Sunarto nandhesi wangsulane kakangne.

“Awakke dhewe yen dietung wis ping pira ya Kang Wid, le wijak-wijik, aneng bakul bubur gudeg, aneng bakul sabun, aneng ATM, terus neng kene,” Sri nyritaake kahanane wijik kawit mau isuk.

“Iya ya Yu, wijak-wijik thok, ora kon madhang,” guyonane Sumiyati niroake Mey Mey aneng media sosial, kepara wong papat mau padha ngguyu bebarengan.

Sawise kabeh bage-binage, Widodo lan bojone lungguh aneng kursi cedhake Narto lan Sumiyati. Sabanjure Widodo miwiti rembug.

“Lik, sing gedhe pangapuramu ya, tekaku mrene pancen ana perlu sing wigati,” kandhane Widodo marang Sunarto.

Sunarto mung meneng wae karo neruskae anggone nyutup wedang lan ngrungokake kakangne ngomong. Dheweke wis apal, kakang lan mabkyune mara kuwi mesti ana butuh kaya adat sabene.

“Sedhela meneh aku lan mbakyumu bakal dikirimi dhuwit Eka saka Eropa, harak kowe ngerti kabeh ta menawa dhuwit dolar kuwi krus-krusane luwih akeh tinimbang rupiah,” kojahe Widodo sajak umuk.

“Iya, Lik antarane rong minggu meneh anakku lanang bakal kirim dhuwit,” imbuhe mbakyu Sri.

“Ya, syukur Kang lan Mbakyu, aku melu seneng gene Eka wis bisa ngentheng-ngenthengi kebutuhane ngomah,” wangulane Sunarto

“Iya, Lik, nanging ing wektu iki durung bisa kirim, anggone mbudhalake wulan wingi kae, aku kepeksa nggadhekake sertipikat lemahe mbakayumu ya lemah lan omah sing saiki dak enggoni kuwi. Pitung sasi wingi aku bisa nyicil Lik, nanging gandheng Eka durung bisa kirim dhuwit, wis telung sasi iki macet cicilanku. Malah saiki Bank BPD nembe wae menehi layang peringatan supaya enggal nglunasi cicilan. Yen ora enggal dicicil lemah karo omah bakal dieksekusi, disita deneng Bank,” kandhane Widodo karo memelas, Mbakyu Sri mbukak tas lan nuduhake layang saka bank.

Sunarto lan Sumiyati maca isine layang mau kanthi permati. Dheweke wis bisa ngerteni apa karepe layang iku.

“Lha terus karepmu piye, Kang?” Kawit biyen Sunarto ngalah karo kakangne, apa wae penjaluke kakangne kerep dituruti.

Pancen ing antarane Sunarto lan Widodo senajan tunggal saringkel ora seje bapa ora seje biyung nanging kekarone duweni watak lan kekareman sing beda, kamangka Sunarto kerep diapusi babagan rembug lan bandha.

“Ya yen karepku kowe bisa mbiyantu aku. Apa kowe tegel omah lan lemahku disita bank,  bisa ketulungan Lik, lha womg kuwi lemah warisan je,” mengkono pangerih-erihe Widodo.

Baca juga:   Tresna Kalibiru

Sunarto yen krungu sambate sedulur sakringkel kuwi, atine dadi luluh. Dheweke temen ngeman sedulure senajan sedulure mau ora tau gawe tentreme atine, malah olehe njilih dhuwit telung taun kepengker wae embuh ora ngerti kabare.

“Kang lan Mbakyu aku bisa ngrasakake apa sing kok adhepi wektu iki, nanging kepiye ya, mangsa-mangsa ngene iki pancen kabeh lagi nandhang prihatin,” kadingaren Sunarto maca kahanan kanggo wangsulan, adate nyah-nyoh.

“Nggih, niki kula sadeyane saben dinten nggih sepi, boten kados padatan, malah sandhing kula warunge sampun tutup, estu kahanan pageblug niki njalari sedaya warga sangsara lan was sumelang,” Sumiyati melu wangsulan nguwatake bojone.

“Ya, aku ngerti Lik, nanging aku kepeksa arep njilih sertipikatmu kanggo nylametake lemah lan omahku kuwi?”

Sawetara Sunarto ora wangsulan, dheweke duwe sertipikat loro, sing siji wis tau dijilih kakange dinggo borg bank, nanging durung genep rong taun, cicilane wektu kuwi macet, kepeksa Sunarto golek dhuwit akeh kanggo nebus sertipikat mau. Malah saiki kakangne arep jilih meneh, mengko yen disilihi banjur ora bisa nyicil meneh, Sunarto lan Sumiyati gelem ora gelem kudu nylametake sertipikate.

Baca juga:   Udan Sore

“Kang, kepiye ya,” Sunarto noleh nyawang bojone. Sajak bingung kudu wangsulan apa meneh.

“Lha sertipikat sing riyin mawon anggene nebus kula rewangi sadeyan werni-werni, lho,” Sumiyati melu urun rembug.

“Iya, bener kandhane Sum, sapi loro, gelang kalung lan tabungane bocah-bocah tak nggo njupuk sertipikat sing kok nggo je, Kang,” tandese Sunarto.

“Biyen, wektu kuwi, harak anakku isih padha sekolah, lha yen saiki Eka wis nyambut gawe, wis ta mengko yen dikirimi dhuwit bakal tak tebus sertipikatmu,” kandhane Widodo terus meksa adhine.

“Piye, Sum..?”

“Kang, pokoke aku ora sarujuk, lha sertipikat kuwi tinggalane wong tuwa, terus mengko yen macet meneh harak ya awake dhewe sing dioyak-oyak dening bank, anggon-anggonanku wae sing dinggo ngrewangi nebus wektu iku, tekan saiki aku ra bisa tuku meneh, saiki kahanan lagi sendhet, ruwet,” kojahe Sumiyati.

“Lik, ya kepiye meneh iki kahanan kakangmu ya lagi kepeksa tenan, yen ora entuk nyilih sertifikat apa disilihi dhuwit kanggo nyicil cicilanku sing seret mau,” Mbakyu Sri ngrayu adhine ipe.

Krungu bojone ganti nembung dhuwit, Widodo nanduki meneh,

“Ya, ngono ya kena Lik, nanging kudu genep dinggo nyicil, sesuk yen wis dikirimi Eka, wis ta mesthi dakbalekke, malah ngko dakimbuhi,” pangucape Widodo.

“Halah Kang, niki niku estu nembe kangelan pados arta, saben dinten rekaos Kang, yen kula ditembungi kadose tetep boten saget, pokoke dingapunten mawon,” Sumiyati kenceng.

“Lik, mbok ya ngelingi jaman semono, kowe sakloron harak tak bantu nalika arep dadi manten ta, nalika bukak warung ya dakrewangi, pas gawe omah ya dakrewangi, apa kowe saiki lali?” Widodo senengane ngundhat-undhat apa sing wis dilakoni nalika biyen.

Sunarto lan Sumiyati meneng wae, ora bisa wangsulan apa-apa, pancen Widodo nalika sukses kasil duwe mobil rentalan lan Yu Sri duwe sewan rias manten, usahane gangsar uripe kepenak, ora kaya saiki. Nanging merga kalah judi lan diapusi uwong, kabeh usahane  bangkrut, utange mrana-mrene, modhal lan asset bisnise entek kabeh.

“Gih, kula matur nuwun dene riyin sampun ditulung, direncangi Kakang lan Mbakyu, nanging boten ateges kesupen labuh labete Kang Wid lan Yu Sri, lha kawontenen niki sami, sedaya seret badhe pripun malih,” Sumiyati pancen wis rada ora percaya marang sedulur tuwa mau, amarga utange nang ngendi-ndi, kamangka dheweke yen pas nyekel dhuwit kerep salin srengat.

Yu Sri senajan uripe aneng ndesa, nalika nyekel dhuwit mesti sabane restoran, lunga dolan neng mall, sandhang penganggone bermerk, branded, wis pokoke ropyan-ropyan. Semono uga Kang Wid, senengane royal, main kartu lan seneng-seneng karo wadon liya.

Durung suwe iki malah kahanan bebrayane Widodo lan Sri nyedhihake, amarga wong loro mau arep pegatan, alasane babagan ekonomi, kabeh wis padha ora eling yen pegatan iku nggawa akibat kang nggrantes, anak dadi kurban. Kang Wid lan Yu Sri wis lali marang jangjine perkawinan, kabeh wis luntur, janji setya ing sajrone bungah lan susah pancen gampang diucapake nanging ora gampang ditindakake.

“Lik, pokoke aku disilihi dhisik, sepuluh yuta tekan limalas yuta tak nggo nutup cicilan bank ya, tulung Lik, apa kowe tega menawa kakang lan mbakyumu iki omah lan lemahe disita bank?” Widodo matengke rembug.

“Iya Lik, tulungana ya, mengko yen nganti disita bank tenan, harak aku malah manggon neng tabon kene dadi siji kowe, apa malah ora saya ngrepoti?” Yu Sri neges nandhes kahanan kang lagi dirasakke.

Sunarto lan Sumiyati unjal ambegan, wong loro mau meneng ora bisa semaur, bingung kudu wangsulan apa lan kudu ngupaya apa meneh kanggo ngewangi sedulure. (*)

2 KOMENTAR

TINGGALKAN KOMENTAR

Silakan masukkan komentar anda!
Silakan masukkan nama Anda di sini

- Advertisment -

Tulisan Terbaru

Indonesia Tanah Air Beta

Ibuku, Guruku

Catatan Seorang Guru

4

Fragmen Pohon dan Rimba

Komentar Terbaru

Sedang Populer

Catatan Seorang Guru

Fragmen Pohon dan Rimba

Pendidikan pun Butuh Sentuhan

1,071FansLike
45FollowersFollow