Dening Ika Zardy Saliha
Sakethok-sakethok tabir gawe getering ati
Tintrim, pageblug angirim pangincim-incim
Ing pojok-pojok dalan wengi datan rembulan
Kahanan kekancan sepi kang drawasi
Pendhapa sepa tanpa sanak kadang aleledhang
Tan ana omong sapejagong
Tan ana wicara aji silaturahmi
Kabeh pasemuan aneng awang-awang
Amung kasawang datan kagrayang
Amung rinungu datan ketemu
Ana rasa sungkawa lan tetesing waspa
Nalika tan ana sungkem nglenggana wayah lan putra
Riyaya pageblug, dudu pagebluging riyaya
Jaya jaya wijayanti tetep jroning ati
Senajan suwara tebir njalari mrebes mili
Pindha rasa iki aneng kunjara wesi
Kulon Progo, 24 Mei 2020