Sunday, November 1, 2020
Beranda Cerpen Sangaji

Sangaji

Ika Zardy Saliha

Suyanto.id–Dina iki Endang kudu ketemu karo Pak Aji, senajan tanggal sepuluh sesuk esuk dheweke uga kudu ngrampungake ujian kompetensi guru utawa UKG, melu sesi ke-loro, diawiti jam 10.00 nganti jam 12.00. UKG kuwi dadi momok para guru, jajal wong passing grad-e wae 80. Asline soal-soale thekliwere pendidikan, nanging ujare Endang wingi tryout wae bijine mepet, amung nyandhak 79. Nyaris tenan! Lha wektu iki yen dheweke nganti ora lulus, ndaheba kaya ngapa isine. Mula pirang-pirang dina iki Endang nganti ora jenak turu, ora patiya enak mangan pedah-pedahe nyengkut sinau kanggo UKG.

Pak Aji, tenane asmane Sangaji, yuswane kira-kira patang puluhan tahun, piyayine gagah kaya Adven Bangun, bintang filem kang kondhang ing tahun sangang puluhan, kajaba saka kuwi Aji kang makarya dadi dhosen padha disenengi mahasiswane, mligine mahasiswi putri. Menawa mahasiswa putra padha seneng merga carane mulang, lan bijine murah.




Endang lagi wae metu saka ruangane Pak Aji, kanthi ati kang mekrok kaya mekroke kembang ceplok piring ngarep fakultas pendidikan, kampus kang dadi papane para guru kang lagi buru ngelmu kanggo ngrengkuh sarjana strata satu. Endang ora ngerti kenapa awit sepisan weruh Pak Aji atine rasa kumesar. Pancen kanca-kanca putri ya padha ngrasani menawa pranyata padha kesengsem marang Pak Aji, malah ana sing kandha jarene siyap yenta dadi bojo angka loro. Wah kabeh mau dadi guyune kanca sakelas.

Krungu guyonane kanca mau, Endang mung mesem, awit dheweke ya duwe rasa mangkono, nanging eman banget geneya Pak Aji uwis kagungan garwa. Senajanta sabenere saben-saben rampung anggone konsultasi, wengine Endang klisikan, ora bisa turu, kaya kedadeyan mau awan aneng ruangane pribadi Pak Aji tansah ngreridu ati.

“Pak, kula angsal konsultasi samenika?” suwarane Endang sing rada serak nanging empuk mau ngagetake Pak Aji.

“Oleh wae, konsultasi babagan apa?” wangsulane dhosen mau kanthi esem spesial kanggo kenya ayu iku.

“Menika Pak, bab perbandhingan nilai siklus setunggal lan kalih wonten penelitian tindakan kelas.”

Aji banjur nerangake kanthi gamblang apa kang dadi pitakonane Endang. Nalika Endang arep pamit, dumadakan tangane dicekel Aji. Endang kaget, ananging kaya ana setrum gedhe kang nggeret pawongan loro kuwi. Tangane Endang digegem kenceng, Endang ora kuwawa ngeculke apa meneh ngendhani kedadeyan kuwi, banjur kanthi alon-alon Aji ngambung tangane Endang. Kedadeyan awan iku ndadekake Kenya mau ora bisa enggal turu ing wengi iki, pasuryane Aji tansah leledhang ngebaki tawang. Solahbawane tumlusup ing ati tanpa kena diwaleri, tansaya wengi tansaya ngegla tansaya ndadi.

***

Esuk iki pas tanggal sepuluh Endang tangi turu kaya padatan, adus sarapan banjur nganggo seragam ireng putih senajan uwis sauntara dadi guru lan duwe seragam Keki utawa PDH, pakaian dhinas harian. Pikirane tumanjem marang laboratorium komputer panggonane dheweke mengko UKG, senajan ana rasa was-was menawa dumadakan kepethuk marang Pak Aji.

Jam wolu pas, kudu mlebu ruwangan kanthi screening sing ketat. Tase wae kudu diselehake aneng ngarep ruwangan, dipriksa nganggo detector logam barang, mlebu ruwangan ora oleh nggawa apa-apa, krana samubarange dicepakake dening panitia. Kertas kanggo orek-orekan uga dicepakake, kanthi donga dremimil Endang banjur miwiti nggarap.

“Bismillah sak bisane aku ngupadi wektu iki,” ujare Endang karo miwiti login aneng layar komputer.

Senadyan wis kaanggep familier karo IT, Endang isih duweni rasa grogi, apa maneh ndeleng saperangan kancane malah wis rampung, kabeh nomer wis di-klik ijo, kamangka garapane Endang isih kurang separo. Dheweke ndeleng timer ing computer, wektune isih lumayan dawa antarane sakjam punjul sithik, mula Endang nyicil nggarap mbaka siji, lan ana soal sing kudu digarap aneng dluwang kanggo ngitung.

“Mangga Bapak Ibu, menawi ingkang ngersakaken kertas kagem bantu ngetang,” dhawuhe panitia karo mesem manis mriksani para paserta UKG.

Ngancik soal nomor sangang puluh enem, komputer server UKG down, mak pet peteng kabeh layare paserta. Suwasane ruwangan kang adhem sanalika dadi panas, tambah rasa glagepan kaya aneng nraka. Kepriye maneh anggone ora judheg, garapan kari kurang patang nomor, yen nganti ora kesimpen apa ora kujur? Apa maneh yen kudu mbaleni mbaka siji, lha mengka yen kasile biji ora nyandhak KKM, terus ora lulus?

Kabeh panas ngrasakake kedadean dina iki, nanging kanthi terampil panitia padha iwut merkonah server lan golek pawarta nganti wektu nggarap kari kurang limalas menit.

“Tenang mawon garapan sampun kesimpen Bapak Ibu, mboten sisah goreh penggalih, mangke wonten tambahan wekdal sekawandasa menit kangge ngrampungaken soal,” mangkono pangandikane ketua panitia nalika server wis normal.

“Alhamdulilah,” sorake para pasarta, seisi ruwangan ambata rubuh.

Endang banjur ngambali login meneh. Ah nyatane kesimpen kabeh jawaban mau, dibaleni maneh garapan sing isih rada mangu-mangu. Sakjanjane ora patiya angel, nanging dumadakan dhadhane dheg-dhegan nalika keprungu suwarane Pak Aji kang nakoni salah sawijine panitiya UKG.

Lagi wae Endang metu saka ruwangan komputer, Pak Aji wis ngadhang aneng njaba. Dhuh… blaik mesti sida ngajak maem bareng kaya pesen kang dikirim mau bengi.

“Dhuh Gusti… bubar wae metu saka kandhang macan saiki dipapag baya,” mengkono batine Endang karo ethok-ethok maca pesen aneng hape.

“Pak.. Aji,” panyapane Endang karo mesem dinggo nentremake gronjaling atine.

“Piye bisa ta olehe nggarap? Aku yakin gampang kabeh soal kanggo Bu Guru kang ayu, aku kan tahu sejauh mana kecerdasanmu,” Aji njejeri mlakune Endang karo mesam-mesem nggodhani kaya adate.

“Njenengan niku lho, mesthi ngendika ngaten. Kokle yakin yen kula saged, mangke gek sami mawon kalih sanese,” semaure Endang

“Ya ora.. lah. Yen padha karo liyane, teneh aku bisa poyang-payingan kaya mengkene, Dhik, apa meneh cedhak karo wong ayu ngene iki?”

“Halah Pak Aji ngendikane marakke kula mumbul lo,” wangsulane Endang marang Aji kang wektu iku nganggo klambi bathik dhasaran abang maron, katon pantes banget karo eseme sing karismatik kuwi.

Baca juga:   Udan Sore

“Ya yen mumbul aja dhuwur-dhuwur, ndak kepanasen kebakar srengenge,” godhane Aji nyambi njiwit lengene Endang.

Sejatine wektu iku Aji bola bali kirim pesan ngajak dolan Endang, kepara sewu cara kanggo ngrengkuh atine kenya sing pancen ayu, weweg lan nengsemake kuwi. Aji wis katutup rasa, saben dina goreh pikire, lan hawane amung arep ketemuan wae.

Kaya dina Minggu iki, Aji dolan aneng ngomahe Endang, mobil mengkilap wis parkir ing latar omah cilik neng pojok ndesa, sapereng gunung Widosari Samigaluh. Hawa adhem lan suwara cuwite manuk nambahi suwasana pegunungan katon endah lan ayem. Rasa cedhak lan sengsem tansaya ngebaki atine wong loro mau.

“Dhik, ayo golek maem aneng njaba wae, sisan aku tak ngerteni alun-alun Wates,” mengkono kandhane Aji.

“Nggih sekedhap, Pak.”

“Pak. Kuwi harak yen neng jeron kelas, Dhik,” semaure Aji karo mandeng Endang tanpa kedhep.

“Oh, inggih Mas.. !” mengkono wangsulane Endang, karo mlayu brabat mlebu kamare,  nyaut tas lan ganti sandal slop.

“Ayo enggal budhal,” Aji nggandheng tangane kenya ayu mau tanpa rasa wigih. Lawang mobil dibukakake, Endang banjur mlebu Pajero ngleses, ora let suwe tekan Resto Wates. Wong loro mau njujug stand seafood.

“Maem apa Dhik?” pitakone Aji, “Udhang, kepithing asem manis, ya?”

“Ndherek njenengan mawon.”

“Aku tambah cha kangkung wae. Soale aku kuwi saben-saben mangan mung kayangono mau. Neng seminar, rapat, lan liyane. Ora tau kepethuk pangan ijo-ijo.”

“Lha inggih kok, ya. Karang profesor dhoktor! Lha ning harak marakake sehat, Mas?!”

“Lha sehate malah ming nggon-nggonan je…” kandhane Aji karo nyawang mudhun ngener, “Iki lho harak gedhi, ta?”

“Sing pundi ta, Mas?” Endang ngetutake panyawange Aji, banjur pitakon karo nudingi, “Sing niki, napa sing niki?”

“Hihi, ya sing iki lho… dudu sing iki,” Aji ngguyu.

“Mas, menawi kekathahen dhahar kangkung niku senajan sehat nanging marakke gampang sare lho, Mas.”

“Lhahiya kuwi sing dak karepake, jalaran aku kuwi… tangiiiii terus je,” Aji njarag mancing-mancing guneme Endang.

Baca juga:   Melangit Rasa

Wong loro iku banjur ngguyu pating cekikik. Pindhane wong mangan sambel, tansaya pedhes tansaya nandhes, tansaya kinecap tansaya tandhes. Donya sing jembar iki kaya-kayane mung duweke wong loro. Liyane sing nyawang mung padha mlongo.

“Dhik, aku mulih ndisik ya, aja lali daktunggu wangsulanmu, aja kesuwen,” kandhane Aji nalika pamitan mulih sawise sedina muput padha dolan-dolan.

“Wangsulan ingkang pundi? Ca kangkung wau nggih, Mas?” Endang mesem.

***

Sajroning wengi iku Endang ora jenjem atine, pikirane blayang tekan ngendi-ngendi, anggone mecaki dina rinasa abot nyangga, senajan wengi iku rembulan gumebyar padhang ing langit. Nanging lelakone kenya iku kaya kendhang kabur kanginan, tresnane kandhas ing gegisikan.

“Dhuh.. Gusti, paringana kekiyatan dhateng kula,” aneng jero batin Endang terus nyuwara menawa dheweke ora tau duwe panggraita lan pengangen bakal ngrusak talin asihe kanca. Sedhela maneh bubar ujian skripsi dheweke terus wisuda, apa hiya Pak Aji sing bakal ngancani wisuda mengko? Nanging kepiye yenta ngerti garwane Aji? Apahiya dheweke tega dadi jalarane congkrah lan pisahe bebrayan agung kang wis lumaku antarane Aji lan Nita.

“Aku kudu wani nampik lan tegas ora neruske sesambungan iki,” durung suwe anggone duwe rasa kenceng ora bakal neruske lan nampa katresnane pak dosen gantheng mau, dumadakan wewayangane Aji terus ngawe-ngawe sajak ngelingake endahe asmara kang wis klakon.

“Dhik, aku karo Nita wis ora duwe kecocokan, lha piye meh sepuluh taun bebrayan, nyatane aku urip dhewekan, Nita kekeh dadi manajer aneng perusahaan tambang ing Kalimantan, sing kasile tikel lima dibandhing gajiku, yen aku pindah terus kepiye tugasku, kamangka wektuku mulang akeh aneng Jogja kene,” alesane Aji sing kerep dikandhakake marang Endang njalari atine Endang tuwuh rasa welas.

“Yen aku nampa katresnan iku ateges aku dadi ibu tiri, senajan putrane pak dosen melu ibu Nita, terus sedulur lan kanca-kancaku mesthi padha ngrasani menawa Endang ngrebut tresnane dosene, aku dadi pelakor (perabut lelaki orang) haduh… prawan entuk duda, palinga mung merga bagus lan bandha!”

“Ya Allah, kenging menapa kula kedah nampi pacoban menika,” sanalika luh mili aneng pipi kenya ayu kang lagi nandang wuyung campur bingung. Mripate nyawang pyan kamar, kosong mung ana omah angga-angga cilik aneng pojokan. Dumadakan saklebatan pasuryan suwargi ibune teka lan mesem, sajak ngaras rambute Endang nyambi paring wejangan.

“Nduk, cah ayu, dadiya wanita utama, ora gampang nuruti rasa, sebab wanita iku ibu kang kebak patuladha marang kluwarga.”

Plas… semuntak rasa atine Endang, sanalika dheweke rumangsa banget anggone tumindak kleru, meh wae kesasar lan nuruti nepsu. Mula bengi iku dheweke wis duwe tekad wutuh, kudu bisa ngrampungi sesambungane karo Aji.

“Apa pun yang akan terjadi, terjadilah, bismillah,” tekade kuwat senajan rasa abot kaya kebrukan gunung.

***

“Dhik wektumu kari dina iki lo kanggo wangsulan, wis ta blaka wae kabeh niyatku rasaku, kekarepan lan pengarep-arepku wis dakaturke kabeh ta.”

“Pak.. jujur mawon, sejatose kula nggih kraos nyaman menawi ngepasi sareng jenengan, nggih kadhang kala wonten raos kangen, nanging kula boten wantun mestani menawi menika raos tresna. Mbokbilih menika namung raos sengsem mawon. Jenengan tumrape kula pindha rembulan. Endah ing panyawang nanging sejatine kawontenan kula kathah kekirangan. Lan nuwun sewu, panjenengan piyantun luhur mangku jabatan, menapa pantes nglampahi mergi ingkang peteng lan kebak rereged, mbokbilih sanese kula wonten ingkang semrinthil kanyut kalih perasaan lan rayuan, namung estu kula boten saged nampi lan nyuwun pangapunten, bibar menika kula suwun boten kintun pesan malih kejawi perkawis kedhinasan.”

“Lho.. cethane kowe nampik aku Dhik?”

“Pak kula aturi emut, Bu Nita lan putra panjenengan boten rila menawi kula njalari bubrah.” (*)

13 KOMENTAR

  1. Aku wis lawas suwe banget ora nganggo basa jawa. Bareng maca cerpen ini, keasa banget leh ora lancar, kadang kudu mbaaleni leh maca ben ketemu maksude. Untung ceritane 17+ dadi tetep iso mengerteni.
    Bu….klimak ke kurang nancep, kurang “brutal’ kurang ganas. Suk maneh gawe cerpeen sing rayuan gombale “liar” yo Bu. Ditunggu….
    Jan luar biasa tenan iki.

TINGGALKAN KOMENTAR

Silakan masukkan komentar anda!
Silakan masukkan nama Anda di sini

- Advertisment -

Tulisan Terbaru

Pendidikan yang Memerdekakan

Puisi Pemuda

Udan Sore

3

Komentar Terbaru

Sedang Populer

1,044FansLike
44FollowersFollow