Dr. Poncojari Wahyono, M.Kes.
Seniman dan Dosen Universitas Muhammadiyah Malang
Tekane tahun hijriah di antu antu,
Yen tekane gawe covid-19 musnah.
Tekane wong tansah ditunggu,
Yen tekane nggowo barokah.
Mongso isuk wis cethik geni,
Mulo byar wis medang jahe.
Manungso wajib anane migunani
Mulo tansah diantu antu tekane.
Wulan muharam wis gemregah,
Mulo uborampe kudu disiapne.
Wong haram anane gawe musibah
Mulo perlu disyukuri ora anane.
Panggon sampah perlu ono,
Nadyan nggangu sakiwo-tengene
Manungso sunah anane gawe piguno
Nadyan ora opo opo ora anane
Winih waluh ditandur ing oro-oro,
Ing cedake ditanduri blewah.
Wong makruh ora opo-opo ora ono
Nanging anane gawe musibah.
Tahun hijriah anyar wis teko,
Monggo dipahargyo kanti semangat,
Wong mubah anane ora piguno,
Ora anane uga ora manfaat.
Jolali maskeran ing dalan,
Supoyo sehat ing mongso pandemi.
Akehono amal jaganen iman,
Supoyo dadi wong sing migunani.
Seneng ati dadi ketok bungah,
Mugi tansah eling lan waspodo.
Sugeng Warso Enggal 1442 Hijriyah,
Mugi Allah SWT paring kasarasan karaharjan lan kamulyan dumateng Kito sedoyo
Mugi Mugi Allah SWT nglebetaken kito sedoyo ing dalem golonganipun tiyang tiyang iman engkang kathah amal shalehipun, wontenanipun tansah damel manfaat lan rahmat, mboten damel musibah lan mudarat, sarto mugi mugi kito sedoyo tansah pinaringan kasarasan, kabagyan, kamuyan lan karaharjan ing ndonya dumugining alam kelanggengan.
Aamin3x ya rabbal’aalamin