Home Cerpen Suket Grinting

Suket Grinting

0
Suket Grinting

Dening Ika Zardy Saliha

“Sarapan dhisik Le, ndhak luwe mengko neng sekolahan.”

“Nggih Mbah,” wangsulanku karo nyekel enthong nggo njupuk sega sing isih panas neng rice cooker, banjur lungguh maem lawuh jangan lodheh terong, tempe, godhong so, lombok ijo, isih nganggo tempe garit lan krupuk lempeng. Pancen enak tenan. Nanging wayah esuk iki mbuh kenangapa aku ora patiya ngrasakaake enak, mbokmenawa merga pikiran kang ketriwu urusanku. Pikiranku nglambrang adoh, mikir nasibku sing kaya kembang tebu kabur kanginan.

“Lha kok mung dipandeng wae segane Le, selak mbedhedheg ora enak lho,” ngendikane Mbah Asmo putri.

“He-he-he nggih Mbah,” wangsulanku rada angel ing gulu.

Rampung sarapan kaya adat sabene aku banjur menyang pawon asah-asah ajang lan enggal-enggal pamit budhal menyang pawiyatan.

Kawit aku sekolah nganti saiki rampung kuliah Pe-Ge-Es-De, pancen awakku melu simbah putri saka ibuku. Simbah Asmo kakung wis seda nalika aku Es-Em-Pe kelas telu. Nalika seda, aku rumangsa kelangan tenan, amarga sabendina Akung kuwi sing nggulawenthah lan dadi waliku. Sauger ana ulem saka sekolahan, mesthi Akung sing rawuh nyulihi bapak lan tanggung jawab bapakku.

Sajrone patang puluh dina sedane Akung, meh saben dina aku menyang makam pesareyane Akung. Dak resiki kuburane, dak waca-wacakake donga sabisaku, awakku krasa semplah, lemes kabeh, atiku rontok susah ditinggal seda. Alhamdulilah Bulik Sri, Paklik Safei sakaluwarga padha maringi semangat kanggo aku supaya bisa tangi kanggo nggayuh cita-citaku, nuli aku sregep sinau.

Tekan saiki aku wis sarjana, aku ora ngerti sapa satemene bapakku. Aku manggon aneng ndesa sing ayem, tentrem. Aku isih kelingan nalika cilik, ibuku nikah oleh piyayi asmane Pak Agung. Mbuh apa sebabe aku kok ora dijak ibu melu urip neng kutha.

Aku lagi mudheng menawa Pak Agung ora ngeparengake aku ndherek ibu, marga Pak Agung ora kersa gene ngrabeni ibuku wis duwe anak tanpa status sing cetha. Ya, dak trima trimakke kahanan sing kudu daksandhang iki, dhasare pancen kawit cilik aku dirumat simbah kakung lan mbah putri, uga Bulik Sri sing luwih gemati, nggatekake samubarang kabutuhanku senajan Bulik Sri saiki wis omah-omah dhewe lan duwe kaluwarga.

Semono uga aku dadi luwih cedhak lan akrab karo adhi-adhi, putrane Bulik Sri, katimbang adhi-adhiku tunggal ibu. Menawa pas prei sekolah lumrahe padha liburan, kepara malah sing ngajak liburan neng Magelang utawa Solo malah kaluwargane Bulik.

Uwis nate aku nyoba liburan neng kutha ndaleme Pak Agung, ananging rasaku ora betah, awit ulate bapak sambungku ora nyenengake, kepara aku ora tau dijak ngomong, paling pol dijak omongan nalika dikongkon tuku rokok neng warung. Bubar kuwi aku milih yen pas liburan melu simbah dedagangan klithikam neng pasar. Jare simbah aku kena melu ngrewangi nanging kudu karo nggawa buku kanggo sinau.

Menawa wektu sore kanca-kancaku padha ngundha layangan, aku wis biasa angon bebek neng sawah ya nyambi ndelok layangane kanca, atiku wis seneng. Rampung angon, bebeke ngendhog biasane aku diparimgi dhuwit dening simbah, lan kudu dicelengi. Ibuku ora mesti saben telung sasi mara niliki Simbah lan aku. Mbokmenawa ora entuk idine Pak Agung yen kerep niliki tabon.

Aku ora tau takon bab sapa satemene bapakku, amarga wis nate dak wanek-wanekke takon, nalika aku entuk juara pencak silat tingkat SD sakabupaten, banjur arep tandhing tingkat provinsi. Nanging ibuku mung mendel wae, pasuryane dadi pucet, katon susah lan luh tumetes saka netrane.

“Sing gedhe pangapuramu, ya Le,” mung iku ngendikane ibu karo mbrebesmili. Dak lap luh ibuku, aku dirangkul kenceng karo diambungi. Pak Agung mung ngematke ora kocap apa-apa, sakjane pengin aku diaras apa dirangkul Pak Agung, apa meneh yen dianggep utawa diaku anak asuh kareben uripku rada genep, ananging pepenginanku iku pindha cebol nggayuh lintang.

Dhuh.. Gusti.

Jare saperangan kanca, prejenganku kaya Indra Brughman, dhasare aku ya seneng olahraga dadi neng awak katon bergas lan pengkuh, kejaba kuwi pancen dak jaga sesrawungan sosial marang sapadha-padha. Mula asline lumayan, aku bisa gawe sengseme kanca putri.

Ananging kerep tuwuh rasa minder awit kahananku dhewe, ora ngerti sapa bapakne. Aku paling sengit lan suthik menawa ditakoni putrane sinten. Begjaku wae, Bulik Sri wis tau ngendikani yen ditakoni, aku didhawuhi mangsuli menawa aku putrane Bu Sri utawa Bu Safei.

“Le, awake dhewe urip neng ngalam donya iki kudu disyukuri, amarga kabeh amung nindaki sadremi peparingane Gusti kang Maha Kuasa, wajibe kudu ngupiya lan ndedonga kanthi rila,” pangandikane Bulik njalari awakku dadi luwih kuwat nampa lan ngadhepi kasunyatan.

“Nabi Isa a.s. itu saat lahir membuat heboh masyarakat, karena Dewi Maryam masih gadis yang suci, tetapi Tuhan menghendaki Dewi Maryam hamil dan melahirkan bahkan putra yang dilahirkan ternyata bukan anak sembarangan, yang akhirnya menjadi utusan Tuhan,” isih kraket neng jero utekku nalika bu guru agama Es-Em-Pe, paring piwulangan sejarah para nabi.

Bu guru agama iku sing banget dak senengi amarga ora tau nyinggung awakku, malah wis tau ndukani kancaku sing ngonekke aku, “anak jadah.”

Baca juga:   Udan Sore

“Semua anak yang dilahirkan dari rahim ibu, itu fitrah, suci lahir dan batin, tidak ada sebutan anak jadah, anak haram, dan lain-lain. Kalian harus saling menjaga perasaan, saling menghargai.”

Atiku ngrasa adhem, bungah lan gumbregah meneh. Pancen Bu Guru Annisak kuwi dadi idolaku, nganti dadi pangimpenku menawa tekan mangsane aku entuk jodho, ya cah wadon kaya ibu guru kuwi kang ndak pengini.

“Apa hiya bakal klakon penggayuhanku iki?”

Saben ana bocah wadon kang cedhak, rumangsaku malah alum sadurunge mekrok. Kaya setaun kepungkur sauger sesambungan ati karo wanita sing dak tresnani akhire mung cabar alias gagal total ya merga aku iki anak jadah. Ing tembeburine, endi ana mara tuwa sing gelem duwe mantu kaya aku?

Isih ngglibet neng jeron utekku, nalika aku dolan neng omahe Dewi Lestari, bapakne Dewi ngendikaake babagan jejodhowan, kanthi cetha wela-wela wis ngobong atiku.

“Pancen kawit jaman biyen, perkara siji kuwi isih diugemi, Mas. Contone aku dhewe, umpama ana sing seneng karo Dewi, ya kudu dakpetani tenan kok bibit, bobot, lan bebete.”

Ngendikane bapakne Dewi kuwi sing kaya bledheg nyamber kupingku. Cekake wis cukup mung tekan semene wae rasaku marang bocah ayu sing marakke gronjalan atiku. Aku kudu kuwat lan kudu munthes niyat uga pengangen-angenku.

Mula nalika Dewi nggawa wedang lan nyamikan, aku wis ora kaya adate, wis ilang rasa semangatku, wis ora duwe pengarep-arep meneh. Lagi dolan wae wis diwenehi tandha-tandha kaya tembok lan jurang sing bakal misahake ing antarane aku karo Dewi. Pindha suket grinting kang diiles rodha trek gedhe, harak mokal bisa urip meneh suket iku.

***

“Pak Wawan sampun daftar diklat online?” suara empuk saka mburiku dumadakan ngagetake nglamunku.

“Oh, sampun Bu,” wangsulanku rada cepet marga pancen kaget keprungu suara wanita sing alus, lirih lan nengsemake ati kuwi.

“Bu Niken ugi sampun?”

“Sampun, Pak!” wangsulane lan  eseme Kenya siji iki kawit ketemu neng pasemuan Ka-Ka-Ge, jian merak ati tenan.

Saka pisanan patepungan aku wis blaka suta sapa sabenere awakku lan kahananku, mula ibu guru Bahasa Jawa, ya Niken Sulistyarini kuwi, yenta arep suthik sesrawungan karo aku, aku wis siyap. Ketimbang wis bacut suwe kekancan utawa duwe sambungan rasa asmara banjur akhire mung nglarakake batin.

Nanging kaya ngapa bungahe atiku, geneya Niken malah tansaya cedhak lan babar blas ora nggagas kahanan sejatine aku lan kaluwargaku. Malah kepara aku ditepungake karo bapak lan ibune uga adhikke, kabeh padha semanak grapyak. Rasa pakormatan lan ngajeni katon banget wis tuwuh aneng kulawargane Niken.

“Mas Wawan, ana apa, kok sajak ngalamun?”

“Emm… Bu Niken?”

“Halah Mas Wawan ki, Bu Niken niku harak yen teng sekolahan,” tangane disenggolake  lengenku, njalari atiku  trataban ora karuwan.

“Dhik, aku mau bengi ngimpi.”

“Ngimpi napa Mas, diuyak sawer napa?” bola bali Bu Guru ayu iki nggodhani aku.

“Wow, dakjiwit tenan lho,” wangsulanku kanthi rasa gemes campur gregeten, kenya manis iki malah saya mamerke eseme sing pancen legi tur merak ati.

“Mbah Kakung kaya isih sugeng ta, Dhik. Terus maringi  kembang mawar putih sing endah lan arum.”

“Oh, ngimpi sae niku Mas,” ujare Niken.

“Aku dhewe ora ngerti maknane, nanging muga-muga pancen bakal tumeka becik kanggo urip lan nasibku sing kabur kanginan iki.”

Durung rampung anggonku crita, drijine Niken wis enggal nutupi lambeku.

“Sttt.. Mas ampun ngendika ngaten, Mas kedah syukur, kathah lho, jalma kang langkung rekaos lan sisah tinimbang kita,” kojahe Niken.

Aku mung manthuk kanthi mesem, dene driji alus bocah ayu kuwi enggal daksaut dak cokot sithik merga pancen gregeten  nyawang Niken.

Kabeh kandhane Niken pancen bener, aku kudu tetep memuji merga Gusti wis paring kanugrahan kang tanpa upami. Senajanta aku durung ngerti sapa sejatine bapakku, nanging ibuku tansah dongakke. Nalika sabubare aku ketampa dadi Pe-En-Es, Pak Agung malik dadi grapyak, apik ulate marang aku, semono uga adhi-adhiku, Bagus lan Yanti. Kekarone kerep dolan nemoni aku lan padha ngangsu kawruh babagan pelajaran uga panguripan.

Mula nalika dina Minggu aku ngajak Niken sowan ibu, bapak, lan ibune Niken uga maringi idin, aku lan Niken uga ditampa kanthi semanak neng daleme Pak Agung.

“Mas Wawan arep nunggu apa meneh, yen pancen wis padha senenge lan kabeh mangestoni, mbok wis enggal-enggal dhaup wae,” kuwi ngendikane Pak Agung sing ndadekake aku gedhe lan panggah ing rasa lan pikir.

***

“Dhik Niken, apa kira-kira yen aku ndhereki ngendikane bapak sambungku kuwi, atimu sarujuk?”

“Kepripun nggih, Mas, cobi kula pikire rumiyin, nanging miturut kula malah pripun nggih,”  wangsulane Niken karo pamer esem  sajak ngedheg-dhegi.

“Kepriye Dhik, aku ora pantes methik kembang mawar putih kaya impenku, ya?”

“Mmmm… miturut kula lebih cepat lebih baik.”

“Oh, yes, siapa takuut!”

Kanthi gregeten dak ruket kenya ayu neng ngarepku iki, aku bakal nggunakake wektu kanggo mesthekake sliramu dadi sisihanku. (*)

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here