
Dr. Poncojari Wahyono, M.Kes.
Seniman dan Dosen Universitas Muhammadiyah Malang
Syukurono nikmate kasarasan
Supoyo seger langgeng pinaringan
Biasak-no nyambung paseduluran
Supoyo Rezki dijembarno Pangeran
Syukurono nikmate panguripan
Amargo ugo ditindakne tetanduran
Syukurono nikmate kamardikan
Amargo mung siro sing pinaringan
Sorjan batik motif Sido Mukti
Yen diagem ketok mriyayeni
Nadyan sithik paringe Gusti
Yen disyukuri bakal kroso mukti
Nandur cengkeh ing pekarangan
Yen diopeni entuke lumayan
Nadyan akeh peparine pangeran
Yen ora syukur rasane mung kekurangan
Mangan gudhek gawean sagan
Supoyo enak nganggo krecekan
Ojo mandhek gawe kebecikan
Supoyo Gusti paring kanugrahan
Mangan glali ing ing liburan
Tambah enak disambi lesehan
Ojo lali syukur marang Pangeran
Supoyo tansah pinaringan kamulyan
Ojp dhemen ngukur duwene liyan
Supoyo ora gampang melik-an
Ojo demen kufur nikmate Pangeran
Supoyo diparingi kabagiyan lan karaharjan
Gusti Allah Dawuh: “Saktemene yen sira syukur mesti INGSUN bakal paring tambah nikmat marang sira, nanging yen sira ingkar kamongko adzab INGSUN iku lara banget.”(QS Ibrahim [14]: 7).
Duuh Gusti kang Moho welas lan mohon Asih, kulo sak keluarga, sederek-sederek, rencang-rencang lan sedoyo pengajeng sarto sak-keluarganipun, nyuwun supados tansah pinaringan emut, saget syukur lan saget ngibadah kanti khusyu’ dumateng paduko.
Lan mugi-mugi Kulo sedoyo tansah paduko paringi kasarasan, karaharjan, kabagiyan lan kamulyan.
Aamin3x Ya Rabbal ‘alamin.