Wednesday, May 31, 2023
spot_img

Topeng

Dening Ika Zardy Saliha

Tan kinira nyawang julig sreimu ing suwalike tetopengan
Tanpa rangu rangu kok ubal wadi sanak kadang
Mbokmenawa kowe lali
Marang bun ing pucuk godhong
Kang tansah bening senajan nempel ing sewu rupa godhong
Nanging coba sawangen
Bunglon ing raimu
Wayah esuk katon ijo
Rina katon ireng.
Nalika wengi tansaya peteng
Saben wektu mung katutup gurit palsu
Esem lan guyumu
Luh tangismu
Amung semu memaes sedyaning uripmu

Elinga yen wektu tan mandheg lumaku
Mantheng lempeng marang wusananing kandha
Ambuka critamu topeng brahala

Pengasih, 31 Mei 2021

spot_img

TINGGALKAN KOMENTAR

Silakan masukkan komentar anda!
Silakan masukkan nama Anda di sini

- Advertisment -

Tulisan Terbaru

Cinta

0

Janji Proklamasi

1

Pelayatan Agung

0

Ziarah

1

Komentar Terbaru

Sedang Populer

1,166FansLike
69FollowersFollow