Ika Zardy Saliha
Ing Kalibiru atiku dakeyupake
Sangisoring adhem netramu
Esemmu anggandheng tangan
Mecaki dawaning dalan undhak-undhakan
Siji-siji dakpecaki
Sinawang sewu wit lan grumbul gegodhongan
Angusadani jeroning rasa kapang
Rinasa urip iki ora amung satlereman
Pedhut angadhang laku ing Kalibiru
Aja nganti aku lan sliramu
Kelangan tapak jantraning laku
Jalaran ing oyot lan wit-witan iku
Wis dakcathetake lakon lan paseksenku
Menawa antarane aku lan sliramu
Datan bakal rubuh kabandhang wektu
Kokap, 11 Mei 2020
Mantab sae
matur.nuwun
menawarkan wisata daerah .
bagus banget bunda
matur.nuwun