Home Cerpen Tresna Tanpa Syarat

Tresna Tanpa Syarat

0
Tresna Tanpa Syarat

Dening Ayu DW
Guru MTs Negeri 1 Yogyakarta

Suyanto.id–Awan kuwi Ratri ngrasakke awake ora kepenak, mula Ratri mung teturon wae ana ing amben sakjroning kamar tengah. Ora ngerti kenapa awake rasane lungkrah. Wis pirang-pirang dina Ratri tansah kelingan Dimas, kanca nalika dheweke pelatihan ana ing Surabaya sewulan kepengker. Dimas pria sing kaya idhaman atine nalika isih enom. Priyayine gagah, dhuwur, bagus, semanak, lan tansah besus. Bayangane Ratri kaya-kayane dheweke nemokake idham-idhaman atine. Ananging kabeh kuwi mung kaya impen. Ora mungkin dheweke ngarep-arep Dimas, amerga Dimas wis duwe anak bojo. Semono uga Ratri wis duwe sisihan lan momongan.

Cling… cling… Ratri kaget krungu swara ana ing hp-ne amerga lagi ngalamun, pikirane ngambra-ambra mbayangake saumpama dheweke nyata-nyata bisa sesandhingan karo Dimas, ndaheba bungahe atine. Hp enggal-enggal disaut lan dibuka layare. Mak dheg… mak tratap.., Ratri kaget jebul ana pesen ning WA sing dikirim saka Dimas, priya sing lagi wae dilamunake lan dibayangke. Kanthi semangat WA diwaca, ananging Ratri dadi gelo jebul pesen WA kuwi wis dibusek. Ratri banjur mikir… wah mesti Dimas mung salah kirim wae. Ananging batin Ratri dadi nelangsa lan uga keranta-ranta. Hp banjur diselehke, Ratri gregah nuju ana ing pawon saperlu masak. Sedhelo maneh garwane kondur sore kuwi sisan methuk putrane sing lagi les nari ana ing cedhak sekolahane.

Sakwise masak oseng pare lan endhog gulung karemane garwane, uga sayur bayem kagem putrane, keprungu swara mobil mlebu ing plataran omahe.

Keprungu swara putrane mbengok, ”Ibuu… Ibu… kula dipundhutke permen…” Ratri banjur gage-gage nemoni putrane lan kaya biasane ngekep lan ngaras pipine Tyas putri kinasihe. Ratri uga nemoni garwane, nggawakke tas lan ngambung tangane.

“Kados pundi, Mas, Tyas rewel mboten?” ngono celathune Ratri marang garwane.

Mas Hanung garwane ngaras pipine Ratri karo ngendika, “Ora Dik…, Tyas anteng lan nyenengke”.

Tyas putra kinasih Ratri lan Hanung lagi sekolah ana ing TK. Mas Hanung garwane Ratri ngasta ana ing perusahaan kayu, kerep tindak ana ing njaba kutha. Mula ngepasi Mas Hanung neng ndalem, Ratri mesti nyuwun tulung garwane sing methuk putrane.

Sapa sing ngira menawa uripe Ratri ora tentrem? Kabeh tangga lan uga sanak kadange mesti ngira yen Ratri lan Hanung pasangan sing serasi lan harmonis. Sing kakung Mas Hanung sugih bandha, lan putra tunggal Pak Basuki juragan kayu kondhang ing kampunge. Ratri biyen prawan ayu lan pinter sing dadi kembang desa ana ing kampung sebelah. Ora ngira yen Ratri bisa nikah karo Hanung amerga dijodhokke. Sakjane wektu kuwi Ratri ora sreg karo Mas Hanung mergo dudu priya sing diidham-idhamake. Ananging merga Ratri manut karo bapa biyunge dheweke gelem dipek garwa mas Hanung, jaka tuwa ananging sugih lan kondhang neng kampunge.

Apa sing katon lan disawang tangga lan sedulure, jebul ora padha karo kasunyatan sing dirasakke. Ratri ngrasakke bebrayane karo Mas Hanung saya suwe saya anyep, ora ana greget lan ora ana rasa seneng ing atine. Senadyan Mas Hanung gemati lan ngujar bandha, ananging batin Ratri tetep rumangsa kosong. Mas Hanung pengusaha kayu sing kondhang kawentar ana ing kampunge, mimpin telung perusahaan, kerep tindak luar kota ngurusi gaweyane, mula Ratri ngrasakke sepi atine. Lan uga Mas Hanung ora kaya priya sing diimpekke. Karepe Ratri, Mas Hanung nggatekake, bisa ngeterke blanja lan lunga-lunga, harmonis lan romantis, kaya crita kanca-kancane neng arisan kae. Maklum Ratri kerep melu arisan mahmud alias mamah muda, ketemuan karo kanca-kancane lan sapanunggalane. Kepengene Ratri nek pas lunga-lunga bisa diterke garwane. Ananging mas Hanung mesti sibuk alasan pegaweyane. Yen wis kesel, mas Hanung kondur mung langsung sare, ora nggatekake lan duwe wektu akeh kanggo Ratri nyuntak rasa lan crita. Pancen bandhane mas Hanung akeh, arep butuh apa wae Ratri mesti diparingi. Ananging dudu bandha sing dipenginke Ratri. Ratri butuh ‘perhatian lan kasih sayang’ sing luwih saka garwane. Umure Ratri lagi 35 tahun, isih enom ayu lan pinter. Mas Hanung wis yuswa 52 tahun, kacek 17 tahun karo garwane.

Baca juga:   Es Dhundhung

Limang taun kepungkur, Ratri nyuwun ijin garwane, pamit arep kerja supaya neng omah ora krasa nglangut. Ratri banjur ndaftar dadi guru SD ana ing kampunge. Senadyan mung dadi guru honor, ananging Ratri rumangsa seneng banget. Dina-dinane krasa regeng, atine ora krasa nglangut merga saben dina ditinggal garwane nyambut gawe. saumpama mas Hanung tindak njaba kutha, Ratri wis ora kesepian ,duwe kesibukan lan hiburan kerja dadi guru SD.

Tyas putrane uga wis ana sing ngurusi merga Ratri duwe abdi sing melu wiwit Tyas isih bayi nganti wis sekolah neng TK. Abdine setia lan gemati marang Tyas, wis dianggep kaya putrane dhewe. Anggone ngopeni lan ngrumat kaya ngrumat putrane dhewe. Mula Tyas kadhang kala luwih cedhak karo mbak Marni pembantune tinimbang karo ibune. Saumpama Ratri lagi tugas nglembur neng kantor, wis ora sumelang merga Tyas wis ana sing ngrumat.

Ratri wiwit nyambut gawe limang taun kepungkur nganti seprene durung nate ditugaske neng njaba kutha, merga Ratri dianggep guru honor sing durung duwe prestasi. Ananging nalika Ratri duwe prestasi nggawe karya tulis lan juwara tingkat kabupaten, mula Ratri banjur dikirim diklat (pendidikan lan pelatihan) nggawe buku Kurikulum 2013 ana ing Surabaya sakjroning sesasi. Ratri jane aras-arasen mangkat, lan wedi marang garwane mbok menawa ora dikeparengake. Alhamdulillah pandongane diijabah Gusti Allah, garwane marengake Ratri melu diklat. Mula Ratri enggal nyawisake sekabehane, ngurusi aneka werna keperluan diklat lan uga ora lali nyawisake keperluan kagem putrane lan nitipake Tyas marang abdine.

Tanggal 17 Juni 2018 Ratri budhal menyang Surabaya, bareng karo guru-guru SD sak kabupaten, yaiku Bu Rini, Bu Nani , Bu Listy, lan Pak Wisnu. Bungah lan mongkog atine merga bisa bareng guru-guru kondhang mangkat nggolek tambahan ilmu ana ing  Surabaya. Kanca-kanca guru sing dikirim bareng sak kabupaten kabeh wis pegawai negeri, mung Ratri dhewe sing isih dadi guru honor. Ananing Ratri tetep mantep atine, ora duwe rasa wedi utawa rendah dhiri merga dheweke ngerti kualitas lan kemampuane, biyen nalika kuliah nate entuk beasiswa lan dadi mahasiswa ‘terbaik’ ing kampuse.

Ora krasa sewulan anggone diklat wis dilakoni lancar lan sukses. Ratri mulih bareng kanca-kancane kanthi ati bungah lan rasa syukur, merga entuk tambahan ilmu sing manfaat tumrap dheweke lan uga kanggo ditularke neng kanca-kanca kantore. Apa maneh Ratri nalika diklat ketemu Dimas, kanca nalika kuliyah sing mbiyen nate naksir dheweke. Mak deg… rasa atine Ratri nalika kepethuk ana ing Surabaya, Dimas ora dadi peserta ananging dadi narasumber sing maringi materi diklat. Dimas sing nate sesrawungan nalika kuliyah pancen mahasiswa teladan, pinter, uga jago organisasi. Mbiyen wis nate cedhak, ananging bareng Dimas kuliah S2 ana ing luar negeri, banjur pedhot komunikasine. Dimas ora ana kabar, ora iso digoleki uga ora isa dihubungi maneh. Sakwise 7 taun ora nate ketemu, ngerti-ngerti Ratri krungu kabar yen Dimas wis dadi manten. Ratri semana uga wis duwe sisihan.

Saiki Dimas ana ing ngarepe ketemu lan srawung sesuwene sesasi. Sapa wonge sing ora kesengsem maneh. Rasa tresna kuwi tuwuh lan ngrembaka maneh. Ratri dadi salah tingkah. Sasuwene melu diklat atine ora jenjem, kangen lan rasa-rasane Ratri jatuh cinta maneh. Saben-saben mung kalingan eseme lan uga sorot mripate sing agawe bungah atine. Apa maneh Dimas katon luwih gagah lan tambah bagus. Apa merga Ratri lagi wuyung, yo? Mula apa-apa sing ana ing rasane mung katon endah lan nengsemake?

Dina-dina krasa endah, iso cedhak lan nyawang Dimas, priyo sing mbiyen nate dadi idham-idhaman atine. Ananging kabeh mung ana ing angan-angan wae. Merga kabeh wis duwe sisihan. Apa maneh Ratri ngerti yang dheweke lan Dimas beda keyakinan, ora mungkin arep balen apa maneh sesambungan lan dadi bojone. Rasa tresna sing ana jroning atine Ratri pancen tresna tanpa syarat, ora merga ras, suku, lan agama. Saiki Ratri kudu netepke atine menawa Dimas pancen dudu jodhone. Kabeh wis ginaris dening Gusti Allah ingkang Maha Agung, kudu dilakoni lan disyukuri kanthi ikhlas lan legowo. (*)

Previous article Tepuk Dada
Next article Mamuju
Dra. Rr. Ayu Dewi Widowati, lahir bertepatan dengan Hari Lansia 29 Mei 1968, adalah seorang guru yang hobi menulis. Hobi ini sudah ditekuninya sejak masih duduk di bangku SMPN 5 Yogyakarta. Setelah menamatkan pendidikannya di IKIP Negeri Yogyakarta tahun 1993, dirinya menikah dengan Drs. Ansori dan dikaruniai 4 anak (Fadilla, Shania, Naufal, dan Alva). Selain mengajar di MTs Negeri 1 Yogyakarta, saat ini diberi amanah mengelola Majalah Pendidikan CANDRA milik Disdikpora DIY, menjadi pengurus Perkumpulan Guru Madrasah Penulis (Pergumapi), dan menjadi anggota grup Humas Kanwil Kemenag DIY. Motto hidupnya adalah “Ingin menjadi manusia yang bermanfaat bagi orang lain”.

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here