Dening Ika Zardy Saliha
Apa langit isih ana srengenge
ing suwaliking udan sore
nalika kekesing grimis analusup
ing selaning ati rengka
geneya panasmu tan kuwawa anundhung
mendhung kang angendanu
ing purwaning wektu
Apa isih ana kerliping cahya
ing telenging ati nelangsa
nalika mripat kasatan waspa
andulu lakuning wektu
geneya cahyamu tan kuwawa amadhangi
lakuning wektu
ing satengahing lelakon
Apa isih ana srengenge
ing purnaning udan sore
kang bakal amadhangi jagadku?
Pengasih, 3 Oktober 2020
like like inspiratif bu guru
mantul bu pengawas
Luar biasa Bund