
Dening Ika Zardy Saliha
Wanita angrasuk kebaya
Kebaya rerasukanipun budaya
Budaya wewayanganipun nala
Nala gegalihipun suksma
Suksma Nusantara
Mugi saged anjangkah
Angugemi budaya priyangga
Ngegungaken kuncaranipun nagari
Amemetri dalah nglestantunaken budaya Jawi
Mugi rumasuk nyawiiji jiwa raga,
Andhap asor, mahastuti, kapatri wonten sadaya pakarti
Amargi mulyanipun gesang
Datan winates amung bleger kekareman
Mangertos ing empan dunung ing papan
Kajagi patraping tata susila tuwin tata krama
Subasita tumata saben wekdal
Woh pakarti langkung utami
Wanita Kebaya Sejati
Esem manis luhur budi
Lir mbun ingkang tumanduk
Wonten pucuk mekar melati
Endah arum nengsemaken ati
Pengasih, 30 Agustus 2021
Gurit dalam rangka Ulang Tahun Perempuan Berkebaya Kulon Progo ke-3